Sabtu, 10 Januari 2015


SUKU KANEKES/BADUY Kukuh Nyekel Pranatan Adat

Suku Baduy Dalam
Suku Baduy Dalam
Ing tlatah  Kabupaten Lebak Banten, ana siwijining kelompok wong kang kuwat nyekel pranatan adat, kang sinebut Suku Kanekes, utawa Suku Baduy. Wong-wong kasebut, duwe tatanan, “ndhewe”, tegese, “mengisolir” diri, saka pasrawu­ngan, apadene pengaruh-pengaruh tata­nan njaban wewengkon. Sebutan Baduy, mujudake jejuluk saka masyarakat luar tumrap kelompok kasebut. Bab kasebut, adhedhasar panaliten kang katindakake dening Walanda, kang sajake madhakake kelawan tembung Arab, Badawi, kang kurang luwih tegese, kelompok, kang ora manggon kanthi tetep, lire sok pindhah-pindhah.
Nanging uga ana kang nelakake, yen jeneng Baduy kasebut, kajumbuhake kelawan jeneng kali yaiku Kali Baduy, apadene Gunung Baduy, kang mapan ing iring lor saka papan cumondhoke suku-suku  kasebut. Nanging wong-wong mau luwih seneng nyebutake dhewe, kanthi tembung “urang Kanekes”. Urang, iku tembung basa Sundha (ngoko), kang cara Jawa-ne “aku”. Dene Kanekes, iku jenenging papan dunung tataran desa.
Suku Baduy, anggone sambung gu­nem migunakake basa Sundha, minang­ka kanggo sambung gunem pedinan klawan kelompoke. Dene yen sambung gunem, marang wong njaba, migunak­ake basa Indonesia. Wong Baduy, ora pana babagan maca tulis, dadi piwulang apa wae saka para leluhure, adhat-istiadhat, kapercayan/ agama, mung asi­pat “tutur lisan” wae. Wong Kanekes, ora ngerti babagan pawiyatan, awit bab kasebut, (utawa pendidikan formal), iku (diasnggep) cengkah kelawan adhat-istiadhate dheweke. Tundhone, wong Kanekes, ora dunung lan ora paham, ba­bagan maca,etung nulis, lan nggambar.
Wong Baduy, nduweni hubungan sejarah kelawan wong Sundha. Penam­pilan pisik apadene basa, saemper kela­wan wong Sundha umume. Kang mbe­dakake, yaiku bab kepercayaan, apa­de­ne carane ngaurip. Wong Kanekes, uta­wa Baduy, kayadene “singidan”, lan ku­kuh nyekel pranataning adhat, apade­ne tradhisi. Sedheng wong Sundha, (ka­ya­dene) sumanak, lan gampang mangun pa­srawungan, tur akeh-akehe wong Sun­­dha ngrasuk agama Islam. Masya­rakat Kanekes, kaperang dadi telu, yaiku: tangtu, panamping lan dhangka. Kelom­pok tangtu, yaiku kang kaloka sinebut Kanekes/Baduy Dalam. Ing antarane ke­lompok-kelompok  iku ya kelompok tang­tu, kang  kasusra paling kenceng ngge­bengi adhat lan pranatan. Yaiku kang cu­mondhok ing tlatah: Cibeo, Cikertawana, apadene ing Cikeusik. Kelompok tangtu darbe ciri kang khas, yaiku sandhang panganggone sarwa seta (putih). Ka­lom­pok kasebut, manut pranatan, ora dikeparengake miturut adhat, nemoni, utawa sapatemon, kelawan wong njaba.
Saperangan saka pranatan adat, kang kudu dirasuk lan dadi gegebengan, ing antarane:
(1). Ora kena lelungan migunakake tetumpakan;
(2). Menyang endi wae, ora kena nganggo lelemek sikil, kayadene san­dhal, sepatu lsp;
(3) Adheping lawang omah, kudu marep ngalor. (kejaba Pu’un, yaiku mang­galaning adhat);
(4) Ora dikeparengake migunakake piranti-piranti elektronik;
(5) Sandhang panganggo, kudu olehe nenun, lan olehe njahit dhewe, tegese ora kena nganggo sandhangan kang modern.
Kelompok angka loro, yaiku panam­ping. Kelompok iki kang uga sinebut Kanekes Luar, utawa Baduy Luar. Ke­lompok kasebut, cumondhok (sumebar), ing pirang-pirang papan pang­gonan kayadene  ing Cikadu, Kedhuketuk, Kadukolot, Gaje­boh, Cisagu, lsp. Ciri kang khas, saka Kane­kes Luar, yaiku nganggo udheng wulung. Ka­nekes Luar, mujud­ake wong-wong kang wus nali­sir, lan nye­bal, saka pranatan adat Kanekes Dalam. Ana saperangan bab kang njalari diwetokake saka Kane­kes Dalam, ing anta­rane:
(1) Wus (wani) nalisir lan nglanggar adat masarakat Kanekes Dalam;
(2) Ana karep pancen ke­pingin metu saka Kanekes Dalam;
(3) Nikah klawan anggota Kanekes Luar.
Pemukiman Suku Baduy ing tlatah Kanekes
Pemukiman Suku Baduy ing tlatah Kanekes
Ciri masarakat Kanekes Luar, yaiku (1). Wus ngenal tek­nologi, kayadene piranti elek­tronik, senajan panganggone tetep mu­judake larangan, kanggo saben warga Kanekes. Olehe migunakake uga kanthi dhedhemitan, lan sesingidan, murih ora nganti kadena­ngan pengawas saka Kanekes Dalam; (2). Proses pembangu­nan omah, wong Kanekes Luar, wus mi­gunakake piranti-piranti manca, kaya­dene: graji, paku, palu lsp, kang kabeh mau mujudake larangan tumrap adhat Kanekes Dalam. (3), Anggon-anggon sandhangan, uga wus nyebal saka adhat, kang mracih­nakake yen wus ora ngang­go sandha­ngan suci. Malah ora sithik kang ngang­go sandhangan modern kayadene kaos oblong clana Jeans lsp. (4) Wus (wani), migunakake piranti-piranti bale somah kang modern, kaya­dene : kasur, bantal, piring, gelas beling lan liya-liyane. (5) Wus cumondhok ing sanjabaning we­wengkon Kanekes Da­lam.
Yen Kanekes Dalam lan Kanekes Luar, cumondhok ing wewengkon Kanekes, mangka Kanekes Dhangka, cumondhok, ing sanjabaning wewengkon Kanekes, yaiku mung kari ana rong kampung, kang torah yaiku  Cibengkung, /Padhawaras, lan Sirahdayeuh utawa Cihadam.
Miturut kapercayan kang dianut de­ning Suku Baduy. Kanekes, dheweke iku mratelakake, yen wong-wong Baduy. Kanekes iku, (jarene), isih keturunane Bathara Cikal, saweneh saka dewa ca­cah pitu, kang ingutus tedhak ing ma­dyapada. Bab asal-usul kasebut, sok di­gayutake kelawan Nabi Adam, minangka nenek-moyange. Wong-wong Baduy/Ka­nekes percaya, yen saweneh saka ketu­runane manggala kang kasebut ngarep, yaiku wong Kanekes, kinen mendhita, utawa nindakake talak-brata, kanggo njaga kasalarasaning donya. Nanging pa­nemu mau ora padha kelawan an­dha­rane para ahli sejarah, kang ndha­sarake panemune, kanthi carasintesis, saka pirang-pirang bukti sejarah, awujud pra­sasti, cathetan perjalanan pelaut Portu­gis, lan Tiongkok, sarta crita bab Tatar Sundha kang mung tinemu sithik buktine.
Masarakat Kanekes/Baduy kagayut­ake kelawan Kerajaan Sunda, sadurunge runtuh ing abad kaping 16, apunjer ing Pakuan Pajajaran, sakiwa-tengen Bogor, yen samengko. Sadurunge Kasultanan Banten madeg, tlatah pojok iring kulon pulo Jawa, mujudake perangan penting saka Kerajaan Sunda. Banten mujudake pelabuhan dagang kang kasuwur. Kali Ciujung, bisa dilayari maneka rupa jinis prau, lan rame, kanggo sarana ngangkut hasil bumi saka wilayah pedalaman. Kanthi mengkono, panguwasa wilayah kasebut,  kang sinebut Pangeran Pucuk Umum, rumangsa kajibah njaga lan ngru­mat lestarine kali ksb.
Kapercayan
Ngenani bab kapercayan, masarakai Kanekes kang sinebut minangka Sundha Wiwitan, apunjer ma­rang anane pamu­jan, marang arwah nenek-moyang, (animis­me), kang ing perkem­bangan sabanjure, uga dipenga­ruhi de­ning agama Buddha, Hindhu, apa­dene Islam. Inti saka kapercayan ksb, kaprate­lakake, kanthi anane pikukuh utawa katemtuwan adhat mutlak kang dianut, jro­ning urip lan pa­karyan pedinan, tumrap wong Kanekes. Isi baku saka pikukuh ksb, yaiku konsep “tanpa anane owah-owahan”, senajan mung kadar perkara kang cilik. Banjur ana ukara basa Sundha kang uni­ne: “Lojor, heunteu beunang di­po­tong, pendhek, heunteu beunang di­sambung” kang cara Jawane “Dawa ora pareng dike­thok, cen­dhak ora pareng di­sambung”. Tabu, utawa lara­ngan ksb, ing kridha lan urip pe­dinan, di-inter­pretasi-kan secara harfiah. Ing babagan pertanian/olah teta­nen, wujud pikukuh ksb, yaiku kanthi anane pranatan kang wose, ora kena ngowahi kontur lahan, kanggo patega­lan, engga tata cara olehe ngolah teta­nen, mung kadar samadya, ora nganggo digaru-di­luku, ora ana terasering, mung olehe ne­nandur sarana piranti kang si­nebut tugal, yaiku kethokan pring, kang pera­ngan pu­cuk dilancipi.
Ing pembangunan omah, uga kontur permukaan tanah disekarep apa anane, engga cagak (utawa saka) omah, du­weke wong Kanekes, dawane ora padha. Pangucap lan tumindake wong Kanekes, uga prasaja, jujur, lan thok-leh, tanpa nganggo tedheng-aling-aling. Malah ing babagan dol-tinuku, ora ana tembung nyang-nyangan.
Ing babagan pamarentahan, ing ma­syarakat Kanekes, ana sistem pamaren­tahan 2 (rong) werna, yaiku sistem nasional, kang mbangun miturut marang pranataning nagara Nuswantara, lan sistem adat, yaiku midherek marang adat-isitiadat, kang dipercaya dening masyarakat. Kekarone sistem ksb, diga­bung, utawa“diakulturasikan”, kanthi cara tartamtu, engga ora nuwuhake perdonden, lan ora diya-diniya. Secara nasional, penduduk Kanekes kapimpin dening kepala desa, kang sinebut mi­nangka jaro pamarentah, kang kalung­guhane kapernah sangisoring camat, dene secara adat, tundhuk marang pe­mimpin adat Kanekes, kang paling dhuwur, yaiku Pu’un.
Pemimpin tertinggi jroning masarakat Kanekes, yaiku Pu’un, kang ana ing telung kampung tangtu. Jabatan utawa kalung­guhan ksb katindakake nganti turun-tumurun, nanging ora secara otomatis saka bapak menyang anak, nanging bisa uga kerabat sejene. Suwene anggone nglungguhi jabatan Pu’un kora bisa katemtokake, gumantung kemampuan, kawicaksanan, apadene kaprigelan olehe nglungguhi jabatan ksb. Pelaksana harian pemerintah adhat kapu’unan, katindak­ake deningjaro, kang kaperang dadi papat, yaiku jaro tangtu, jaro dhangka, jaro tanggungan,lan jaro pa­marentah.  Jaro tangtu duwe tanggung jawab ing babagan pelaksanaan hukum adhat ma­rang warga tangtu, lan mane­ka-warna urusan sejene. Jaro dhangka, jejibahane njaga, ngurus lan ngrumat tanah titipan leluhur kang ana ing sanja­baning Kane­kes lan sanjerone. Jaro dhangka, cacahe ana wong sanga, kang yen katambahan wong telu, saka jaro tangtu, ingaran jaro duabelas. Mangga­laningjaro duabelas ksb aran jaro tang­gungan. Dene jaro pa­marentah, secara adhat, nduweni tugas, minangka peng­hubung, antarane masya­rakat adat Ka­ne­kes, kelawan pemerintah nasional, kang ing tugase, kabantu de­ning pangi­wa, carik, lankokolot lembur. Kokolot lembur, maksude tuwa-tuwaning (tetu­waning) kampung.
Pangupajiwa
Kaya kang wus dumadi atusan taun kepungkur, pagaweyane suku Kanekes, yaiku olah tetanen, nandur pari. Kejaba iku, uga ana pemetu liya, kayadene ka­siling woh-wohan saka tegal lan alas, arupa duren, asem kranji, lan madu ta­won alas.
Pasrawungan kelawan masya­rakat njaba
Saweneh saka kesenian tradhisional Baduy, Angklung Buhun
Saweneh saka kesenian tradhisional Baduy, Angklung Buhun
Engga jaman samengko, masyarakat Kanekes, tansah kanthi mituhu, njaga kanthi kukuh, babagan adhat-istiadhat, malah kena ingaranan masyarakat kang terisolasi, saka perkembangan dunia luar. Madege Kasultanan Banten kang kanthi otomatis nglebokake Kanekes, menyang wilayah kekuasaan, ora uwal saka kasadharaning wong-wong mau. Minangka tandha kepatuhan/ pengakuan kekuasaan, masarakat Kanekes, kanthi ajeg, nganakake kridha “seba” ing Ka­sultanan Banten, malah engga samengko kridha seba isih sempulur katindakake, senajan mung setaun sepisan. Malah kri­dha seba kasebut, masyarakat Kanekes, sinartan asok bulubekti, wujud kasiling bumi, apadene palawija, marang Guber­nur Banten, liwat Bupati Kabupaten Lebak. Ing babagan pertanian, penduduk Kanekes Luar, berinteraksi kenceng  kelawan masyarakat luar, kayadene nye­wakake lemah, marang tenaga buruh.
Olah dedagangan, kang jaman ka­pungkur, katindakake kanthi cara barte, samengko wus miginakakemata uang rupiyah. Suku Kanekes,adol kasil buah-buahan, madu, lan gula aren lantaran para tengkulak. Wong Kanekes, golek kabutuhan pedinan kaya lumrahe. Pasar, kanggo wong Kanekes, dumunung ing sanjabaning wilayah Kanekes, kayadene pasar Kroya, Cibengkung, apadene Cibo­leger. Jaman samengko, pangunjung kang teka menyang wilayah Kanekes, sangsay suwe, san  saya meningkat, ma­lah nganti cacah atusan sekali kun­jung. Dene jinise pengunjung racake saka kalangan remaja sekolahan. Ma­hasiswa, lan uga para pengunjung di­wasa liyane. Wong Kanekes, kanthi le­gawa, nampa tekane para pengunjung, (senajana nganti nginep), waton tetep mituhoni bab pranatan adhat ing kana. Saweneh saka pranatan aturankang ana yaiku ing antarane ora kena foto, ing wewengkon Kanekes Dalam, ora kena migunakake sabun, odhol, ing kali. Na­nging rumrap WNA, tetep ora oleh teka mrana. Pira wae wartawan asing, kang nyoba kepingin mlebu wewengkon kono, ora bakal “diwenehi lawang”.

Nalika wektu kang pas mirunggan, suku Kanekes, dhemen lelana menyang kutha gedhe ing sakiwa-tengening pa­pan kana. Kanthi sarat, ora kena ngang­go, lemek sikil, lan kudu mlaku, ora kena nenumpak kendharaan. Umume, wong-wong Kanekes, yen pinuju lelungan, ajeg ora mung ijen, nanging wong telu, ka­dhangkala nganti wong lima bebare­ngan. Dene lungane, kadhangkala sanja marang kanca lan mitra pitepungan, mligine kang wus nate teka menyang Kanekes. Kejaba sanja, uga sinambi do­dolan kayadene madu lan kerajinan ta­ngan
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

UPACARA ADAT

UPACARA ADAT “Penebusing Bayi Julung Caplok”
Ing Kabupaten Lumajang ana upacara adat” Penebung Bayi Julung Caplok”. Mliginipun ing desa Penthungbulus Kecamatan Tempeh (cedhak gunung Semeru).
Upacara menika ateges wis takdire bocah bakal pikantuk bilahi amarga lair ing wekdal kang ora becik, ana 6 maceme:
1. Julung Kembang : bayi kang lair bebarengan srengenge mletek.
2. Julung Pujut : jeneng wuku kang kapin 15
3. Julung Sarap : bayi kang lair ngarepake surup
4. Julung Sungsang : bayi kang lair pas jam 12 awan
5. Julung Wangi : jeneng wuku kang kaping 9
6. Julung Caplok : bayi kang dilairake ing wektu srengenge angslup
            Adhedasa kapercayaan kasebut “ Julung Caplok” laire ing dina “ Slasa Pahing” iku kudu ditebus kanthi upacara mligi, supaya kahindar saka meneka warna bilahi.
Tujuan Upacara menika :
·         Nyuwun pangapura marang gusti allah supaya dibebasake saka meneka tumindak dosa sakarone wong tuwa si bayi
·         Nyuwun ngapura marang gusti allah supaya bayi kasebut dibebasake maneka bebaya kang ora dikarepake
·         Nyuwun marang gusti allah supaya bayi aksebut diparingi berkah urip donya akherat serta umur langgeng ing bumi
Tata urut upacara:
1.      Wektu-wektu bayi dilairake lan persiapan uapacara
2.      Uapacar “ Penebusing Bayi Julung Caplok”
Susunan prosesi diatur mangkene
§  Pambabat margi/ penunjuk jalan utawa cucuk lapah
§  Dukun lan pambiyantune( pemimpin upacara)
§  Kang kapatah gawa” dammar kembang”. Dumadi saka Kenya bocah pitu, mingka kembang roh pamomong bayi
§  Kang kapatah gawa sesaji, Kenya cacah papat
§  Wong utawa bayi, simbah putrid lan mbah kakung
§  Barongan/ jaranan kinaran jepaplak utawa gumbing telung penjuru
§  Kang kapatah gawa tumpeng wedhus kendhit, dammar kembang, pisang ayu, suruh ayu, lan kambil, sarta benag lawe. Wedhus kendhit kasebut minangka tebusan banjur diwucalake lan pungkasane kanggo rebutan masyarakat kang ngestreni upacara. Pawongan kang sepisan nyekel yaiku kang nduweni hak wedhus kasebut.
3. masrahake bayi saka wong tuwa marang dukun, sabanjure dianakake upacara ruwat utawa penebusing bayi
4. ngucapake donga ( mantra), slametan lan ngeculake wedhus
5. sumbaran pamong
6. upacara paripurna, tamu wangsul ing omahe piyambak-piyambak

sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

Temanten Adus Getih

Dhungendhil umyeg: “Mblotha edan, Mblotha edan, Mblotha edan!!” Akeh-akehe wong padha nyukurake jalaran rasa ora senenge marang Ki Gedhe Mblotha kang dianggep kongas, semugih lan cluthak. Nanging tumrap wong-wong kaperca­yane Ki Gedhe Mblotha padha ora nari­makake. Tekade arep gawe petungan dhe­we. Desa Sanggrahan, ya desane Randha Kuning, bakal didadekake karang abang. Tujune enggal kasusul tekane Ki Mbudha saka Winong, sedulur pamba­repe Ki Andharante lan Ki Gedhe Mblotha.
“Wis tekan wayahe Mblotha icip-icip wohing tandurane dhewe. Golek mati nek kowe kabeh arep jajal-jajal wani karo Randha Kuning. Aja dupeh wong wadon. Ledhek. Tenan kuwi!” pamepere Ki Mbudha kebak daya pangaribawa. “Lelakon iki kudu ditampa kanthi pasrah sumarah marang Kang Gawe Urip. Aja mbregundung mun­dhak keduwung. Aja sumengka mundhak cuwa! Mblotha diawat-awati wae. Yen adoh cedhakana, nek cedhak dohana.”
Cep klakep wong-wong kapercayane Ki Gedhe Mblotha ora cemuwit bareng ngra­mesi omongane Ki Mbudha. Pituture wong tuwa kang wis meneb. Ki Mbudha sing dikurmati Ki Gedhe Mblotha jalaran dianggep awas mata batine. Mulane dhek emben kae Ki Gedhe Mblotha rumangsa ewuh pakewuh arep ngajak rembugan perkara Randha Kuning karo kakange mau. Nyatane, bareng kang diajak rembugan Ki Andharante, ya kaya mangkono kuwi dadine. Bubrah kabeh.
Lakune mangsakala anyakra manggi­lingan. Terus mubeng datan ana man­dhege. Mangsakala kang setya ngiring la­kune ukum alam. Dumadi, ana lan sirna. Mangsakala kang sumanggem ing jejibahan, ora merduli rina-wengi, panas-udan lan sa­piturute. Mangsakala kang ora milah-milih lelakon ala lan becik. Kaya lelakone Ki Gedhe Mblotha lan Randha Kuning.
Lastri sing wiwit mau mung meneng suwe-suwe dadi jeleh lan jengkel
Lastri sing wiwit mau mung meneng suwe-suwe dadi jeleh lan jengkel
Sigeg ganti kang winuwus, nunggal ca­ritane nanging seje panggonane. Nuju wanci tengange ing sendhang lor Desa Ke­miri ana prawan lagi katungkul umbah-umbah. Mangkate pancen diseja awan ngepasi sendhang sepi uwong jalaran kum­bahane sathekruk. Kumbahane dhewe wis akeh ndadak isih ketambahan sandha­ngane bapak lan simboke. Yen dikumbahi rewange, bapak-simboke grundelan. Jarene isih kurang resik. Senajan wis diwenehi godhong dilem meksa isih mambu-mambu penguk, ganda mbako. Menawa mangkat mau-mau, luwih-luwih yen wayah wisan gawe, neng sendhang kono mesthi rame. Akeh wong usek-usekan. Kadhang-kadhang malah kudu ngenteni. Nyaron bumbung. Nganti ngan­tuk-ngantuk. Njelehi!

Kumriwike banyu sing nyumber saka gampeng sendhang lan kumresege go­dhong ringin pinggir
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

 
PENCAK MACAN, Tradhisi Temu Temanten Pesisiran
Kesenian tradhisional asli saka wewengkon Gresik kang nganti saiki isih diuri – uri lan dilestarekake lan kabukten isih bisa disekseni tampil ana madyane bebrayan antara liya Jaran Jenggo saka desa Sumurber Panceng, Gulat Okol saka Menganti, Jaran Kepang saka Ujung Pangkah, Pencak Macan saka kelurahan Lumpur kecamatan Gresik, Jaran Kencak saka Balongpanggang. Ing kalodhangan iki PS ngajak para pandhemen ngenal sa­tlereman salah sijine kesenian tradhi­sional yakuwi Pencak Macan.
Kesenian tradhisional Pencak Macan iki anane  ing desa Lumpur, salah sijine desa kang klebu kecamatan Gresik Kota. Nadyan kesenian iki saya suwe sansaya kegerus dening kemajuan jaman uga kadhesek anane maneka kesenian mo-dern kayadene band, elekton utawa dhang­dhutan, tujune para warga mligine para mudha isih duwe semangat lan ora eklas yen kesenian iki ke­silep luwih jero maneh. Ora eklas yen kesenian ini wekasane mung ninggal crita. Mula saka kuwi wis sawatara wektu iki, mligine para mudha lan bocah – bo­cah padha aweh pa­nyeng­kuyung banjur digladhi manggung Pencak Macan.
Manut seniman Ucok Supandhi kang jebolan IKJ Jakarta, kesenian tradhisio­nal Pencak Macan duwe sejarah dawa tumrape masyarakat Lumpur. Pencak Macan wis ana ing Lumpur atusan taun kepungkur. Mulane dikayangapa wae, ke­senian tradhisional kuwi kudu diles­tarekake.
Pencak Macan mujudake kesenian tra­dhisional kang anggone manggung lumrahe ngiringi arak – arakan rombo­ngan temanten kakung nuju daleme temanten putri ing adicara te­mu temanten. Ing adicara te­mantenan warga Lumpur, pa­datane sawise ijab kabul wis kaleksanan kanthi gangsar tanpa ana alangan apa – apa, temanten kakung sauntara banjur pamit bali dhisik me­nyang daleme dhewe. Adicara sabanjure lagi diadani ing wektu awan nanging ing dina kang padha utawa nunggal dina, kanthi ngiring temanten kakung nganggo arak – arakan diramekake kesenian tradhisional Pencak Macan. Saliyane  manggung mligi dadi pengiring ing adicara temu temanten, Pencak Macan uga bisa manggung ing adicara liyane kayadene festival budaya, Agustusan, pengetan mahargya hari jadi kabupaten, lan melu mangayubagya minangka duta seni yen kerawuhan tamu agung utawa tamu wisata.
PENCAK  MACAN

Manut katrangan saka Abd. Ghofur kang didhapuk mandhegani pakumpulan Pencak Macan Seputra, ing desa Lumpur wektu iki ana sawatara klompok pa­kumpulan kesenian Pencak Macan. Kang gawe bungah, ing wektu iki akeh para mudha kang ketarik dadi anggota lan pemain Pencak Macan.
“Saiki akeh para nom-noman sing dadi anggota Pencak Macan. Ana sing milih dadi penabuh gamelan pengiring, lan ana sing dadi paraga pemain. Yen wektune gladhen uga sregep-sregep. Semono uga yen lagi manggung ing tang­gapan. Iki sing banget nyenengake. Tegese para generasi mudha ngrumang­sani yen duwe tanggung jawab ngles­tarekake kesenian tradhisional mligine ing tlatah pesisiran iki,” kandhane Ghofur marang PS.
Saklompok kesenian tradhisional Pen­cak Macan duwe anggota 15 nganti wong 20, kang dumadi kanggo paraga pemain lan penabuh gamelan pengiring. Tetabuhan gamelan pagelaran kesenian tra­dhisional temu temanten tlatah pesi­siran iki dumadi saka kenong, gong, kendhang lan jidhor. Wiramane tetabu­han meh padha karo laras tabuhan ke­senian pencak silat. Semono uga nalika tampil ing kalangan utawa sandhuwure panggung, olah gerak para paraga pe­maine meh padha karo olah gerak ing pencak silat. Ana tampilan kembangan lan ana tampilan tandhing utawa tarung. Saliyane digelar kesenian Pencak Macan, ing adicara temu temanten padatane uga kairing kesenian Hadrah mawa musik mligi terbangan kang ngiringi kuman­dhange tembang-tembang sholawat me­muji sarta ngagungake panjeneng­ane Nabi Muhammad SAW. Padatane rombongan seni Hadrah lumaku ngapit ing sisih kiwa tengene arak – arakan te­manten kakung kliling sakupenge desa nganti tekan papan sasana panggih ing daleme temanten putri. Kanthi digelare kesenian loro kuwi, swasana temu man­ten diajab narik kawigatene para warga lan penonton uga para tamu kang mligi rawuh nekani hajatan.
KEBAK PRALAMBANG ADILUHUNG

Manut Loemaksono salah sijine se­sepuh warga, rerangken kesenian kang digelar ing adicara temu temanten kuwi sejatine pralambang utawa sanepan mawa werdi piwulang luhur adi luhung kang migunani, mligine kanggo teman­ten  sakloron lan uga sok sapa wae kang gelem metani werdi isine pralambang ngaurip.
Kesenian Hadrah nganggo musik ter­bangan kairing tembang shalawat nge­mu teges menehi piwulang antebing ke­imanan kang kudu tansah diugemi dening temanten. Urip jejodowan kang arep di­la­koni kudu kabangun adedhasar agama lan iman. Saliyane kuwi uga kudu tansah ndedonga supaya temanten sakloron sa­jroning urip bebrayan sarta mbangun jejege bale wisma tansah kalis saka pang­godhane setan.
Ing pagelaran Pencak Macan sejatine ana “sosok paraga utama” telu yakuwi, paraga minangka tokoh topeng macan, paraga tokoh topeng kethek lan paraga tokoh topeng gendruwo.

Paraga kapisan topeng macan, mu­judake pralambange  temanten kakung minangka kang dadi imam utawa pe­mim­pine bale wisma kang wis sames­thine kudu nduweni tekad semangat tanpa kendhat makantar-kantar suthik mun­dhur anggone golek rejeki kang halal  lan barokah kanggo sisihane lan anak tu­rune. Saliyane kuwi sipate macan uga digdaya yakuwi menehi pengayoman lan katentreman tumrap kulawargane.
Kapindho paraga topeng kethek, mengku pralambang temanten putri kang kudu duwe niyat kanthi ati suci tansah setya tuhu marang prasetyaning janji marang guru lakine, eklas ngrung­kebi lan njaga katentreman kulawar­gane.
Paraga katelu wujud topeng gendru­wo, mujudake pralambange sakabehing pacoban lan rubeda kang kudu diadhepi dening  temanten kakung miwah putri nalikane bebarengan mbangun balewis­ma ing madyaning bebrayan agung. Mu­lane ing pagelaran Pencak Macan, pa­raga topeng macan dalah paraga topeng kethek kudu ngadhepi krodaning gendru­wo kang tansah gawe reribet, kebak ka­nepson ala. Nanging pungkasaning  pa­raga gendruwo kasil diasorake.
KETHOPANG LAN PONTHANG LIMA

Ing arak-arakan kesenian tradhisional Pencak Macan, saliyane kairing Hadrah uga isih ana rerangken arak-arakan liya­ne kang sinebut Kethopang lan sijine maneh Ponthang Lima. Kethopang  mu­judake rerangken rupa kembang ma­yang,  woh – wohan  kang ditancepi sada janur dawa banjur diblebed dluwang ma­neka warna selang – seling abang, kuning, biru, ijo, ungu. Ing adicara arak-arakan lumrahe ana pirang-pirang Ke­thopang. Saben Kethopang disangga pring plengkung dawa. Nalika adicara prosesi arak-arakan temanten, ketho­pang kuwi uga melu diarak pisan. Nalika ing satengahing dalan nuju sasana pang­gih temanten, arak-arakan pring pleng­kung Kethopang banjur dadi rebutan uta­mane kanggo bocah-bocah awit ing sada janure padatane uga dikanteni dhuwit kertas kang pengajine werna-werna wi­wit sewu rupiah, rong ewu rupiah nganti limang ewonan rupiah. Dhuwit kuwi di­taleni bolah diseleh ing pucuking pleng­kung pring. Dhuwit minangka udhik-udhikan kuwi dadi rebutane bocah, kang kasil antuk dhuwit banjur tuku panganan didum sakancane. Dhuwit saka sada janur ing pucuk pring Kethopang kuwi dipercaya ngandhut sawab berkah lan barokah.
Ponthang lima, wujud rerenggan rupa prau kang digawe saka godhong gedhang rinengga janur. Saben Pon­thang banjur diiseni ketan warna siji. Ana Ponthang lima, mawa isi ketan ireng, putih, kuning, abang, ijo. Ing tengah ponthang diwenehi wangunan tumpeng cilik saka bletetan godhong gedhang, lan pucuke direnggani sada janur.
“Rerangken Ponthang Lima menika wonten adicara temu temanten sejatos­ipun ngandhut filosofi katujokaken du­mateng temanten kekalih. Wosipun, ka­ajap supados anggenipun jejodowan tan­sah nglampahi ibadah sholat wajib gang­sal wektu manembah dumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung,” ujare salah sijine sesepuh Pencak Macan.
MACAPAT SERAT SINDUJOYO

Rerangken arak-arakan Pencak Ma­can kuwi luwih komplit maneh yen sho­hibul hajad uga nganakake adicara tem­bang Macapatan. Tembang macapatan kang lumaku ing tlatah pesisiran iki cengkoke gagrag Pesisiran. Mulane rada beda karo cengkok tembang macapatan umume. Macapatan gagrag pesisiran kanthi maca tembang Serat Sindujoyo [Babad Kroman-Lumpur] kang padatane ditindakake dening Mbah Nurhasim kang yuswane saiki ngancik sangang puluhan taun. Mbah Nur­hasyim mujudake wong siji-sijine kang wektu saiki isih bisa nembang macapat. Emane nadyan putra turune isih ana, nanging angel ang­gone nyinaoni macapatan. Kandha­ne Mbah Nurhasyim, kitab Serat Sindujoyo kang sasuwene iki isih dianggo nembang macapatan mung wujud kitab duplikat utawa fotocopy-ne wae, awit kitab kang asli ajeg disimpen ana papan pesareyane Mbah Kyai Sindujoyo ing Makam Dalem Gresik.
Manut para sesepuh ing desa Lum­pur, wosing pralambang-pralambang kang ditindakake ing prosesi tradhisi Pencak Macan pancen duwe kandhutan surasa jero banget yakuwi ngemu pa­nuntun lan piweling adiluhung tumuju sampurnane kulawarga kang sakinah, mawaddah lan warohmah.

Gandheng karo surasane filosofi urip kang jero lan adiluhung kuwi, mula ora jeneng aneh yen klompok Pencak Macan uga melu digelar ngregengake kegiyatan liyane kayadene mahargya tekane tamu ing adicara Gresik Tempo Doeloe, Festival Makanan, Jajanan Khas, Hari Jadi Kutha lan Kabupaten, kunjungan tamu wisata antara liya saka Badan Pelestarian Pusaka Indonesia, tamu wisata saka man­canegara.  Kayadene kang wis kela­kon nalikane nampa kunjungan wisata budaya para mahasiswa saka International Islamic University Malaysia. Tamu saka Malaysia kuwi racake uga padha kesengsem karo atraksi Pencak Macan.

“Kesenian tradhisional kaya Pencak Macan iki apik banget, tak kira kudu tansah dilestarekake,” mangkono jarwa­ne basa Melayu kang dingendikakake dening Prof.DR Abd. Razak Saipan, MPd – dosen uga pimpinan rombongan ma­hasiswa Malaysia nalika mirsani dhewe atraksi Pencak Macan. Tamu wisata saka Malaysia kuwi, ndeleng atraksi Pencak Macan ing sangarepe Bale Kambang. Wa­ngunan Bale Kambang sejatine mu­judake salah sijine situs kuna kang diper­caya minangka wangunan kiriman saka Blambangan Banyuwangi taun 1428 Saka  utawa 1506 Masehi, nalika jamane Kanjeng Sunan Giri lan Kyai Sindujoyo. Paraga Kyai Sindujoyo minangka cikal bakal adege wewengkon desa Lumpur, Kroman lan sakupenge. Situs Bale Kam­bang iki mawa tetenger kang nerangake yen dhek biyene kumambang ing sate­ngahing segara, tumuli dipinggirake pa­ra nelayan. Nitik cakrike saka utawa pi­lare bale, cetha yen Bale Kambang mau asale saka Blambangan



sumber :http://insancendekiajawa.blogspot.com

Adat Tatacara Panganten Jawi; Panggih Panganten

Panganten kakung sampun dumugi sarta lumebet pendhapa, nanging taksih jumeneng ngrantu badhe wiwitipun upacara panggih panganten. Panganten kakung ngasta sekar gantal kangge upacara balangan. Sekar gantal punika dumados saking sedah (ron suruh) ingkang kalinthing, lajeng kaisenan jambe, apu, nuli kaiket mawi benang lawe sampun ngantos udhar. Manawi sampun sumadiya, panganten kakung lajeng katuran lumampah alon sacekap, kalaras miturut ungel wiramaning gangsa, mapag panganten putri.
Panganten putri ingkang sampun lenggah ngrantu, katuran jumeneng sarta lumampah alon sacekap tumuju kori tengah pendhapa kangge nindakaken upacara balangan. Sadaya upacara kairingan dening para sesepuh. Sasampunipun panganten putri ngasta gantal, sadumuginipun ngajeng kori tengah, upacara balangan lajeng kawiwitan. Sinten ingkang badhe mbalang gantal langkung rumiyin kasumanggakaken miturut pirembagipun.
Manawi panganten kakung ngagem kuluk utawi udheng, langkung rumiyin binuka sakedhik, kangge kausap mawi toya sekar ing sirah/palarapan dening pinisepuh ingkang tinanggenah. Pinisepuh ingkang mbikak kuluk/udheng, dene garwanipun ingkang ngusap kanthi toya sekar ambal kaping tiga. Kuluk/udheng lajeng kawangsulaken malih kanthi sae. Panganten putri lajeng jengkeng ing ngajengipun panganten kakung saperlu nata tigan ayam cacah tiga ingkang badhe kapidak dening panganten kakung ing upacara midak tigan.
Tigan kacawisaken kanthi winungkus plastik, murih manawi kapidak ingga pecah boten damel reged. Tigan cacah tiga kaseleh ing nginggil bokor. Sasampunipun cekap, panganten putri lajeng ngulap sukunipun panganten kakung mawi toya sekar setaman kaping tiga. Jaman rumiyin, pikajengipun kangge ngulapi sukunipun panganten jaler ingkang kotor sasampunipun upacara midak tigan.
Salajengipun, panganten putri jumeneng jajar ing sakiwanipun panganten kakung. Panganten kekalih lajeng lumampah lirih sesarengan tumuju dhampar panganten. Ing sawingking panganten kekalih, ibunipun panganten putri ndherek lumampah kanthi ngasta sindur ageng ingkang kakrukubaken dhumateng panganten kekalih.
Sadumuginipun ngajeng dhampar, panganten kakung lajeng lenggah dhapar sisih tengen, dene panganten putri lenggah ing dhampar sisih kiwa. Nuli kalajengaken upacara kados ing ngandhap punika:
  1. Upacara Dhahar Klimah. Panganten kakung kapurih nedha sekul walimah lawuh pindhang antep. Pindhang antep punika wujud ulam terik mawi kluwak. Panganten kakung lajeng ngepel sekul, kadulangaken dhateng panganten estri.
  2. Upacara Kacar-kucur. Panganten kakung paring guna kaya dhateng panganten estri. Patrapipun, panganten kakung ngesokaken gunakaya (kacar-kucur) ingkang dipun- wadhahi klasa bangka. Kacar-kucur punika isinipun kacang, kedhele, wos jene, arta receh/pecah suwang saprapat. Katampi panganten estri kanthi ngginakaken kacu gembaya, inggih kacu ageng ingkang warninipun abrit. Anggenipun nampi sampun ngantos wonten ingkang kecer. Sabab warilipun gesang mindhak boros.
Dening panganten putri guna kaya nuli kaaturaken ingkang bu. Dening ingkang ibu tumunten winadhahan ing klemuk sarta kaseleh ing sangajeng petanen, celak kursi panganten. Klemuk cacahipun kedah kalih. Klemuk ingkang satunggal isi kacar-kucur, ingkang lebetipun isi wos jene, kluwak, kemiri gepak, jendhul, bendho, tigan ayam, arta suwang saprapat. Klemuk ingkang satunggal isi toya tempuran.
Ing nalika upacara kacar-kucur, para ibu pinisepuh sesarengan ngandika makaten:“Kacar kucur atuta kaya sedulur, kacang kawak kedhele kawak atuta kaya sanak”.
  1. Upacara Pangkon. Sasampunipun upacara kacar-kucur, panganten kakung lan putri lajeng kapangku dening ramanipun panganten putri. Panganten kakung ing sisih tengen, dene panganten putri ing sisih kiwa. Ibu panganten putri tumuli tanglet dhumateng ingkang garwa “Anake abot endi Pake?”. Dipun jawab ingkang garwa“Padha bae abote.”
Upacara Panggih Panganten ingkang kasebat ing nginggil, punika upacara panggih kagem panganten kakung ingkang taksih jejaka pikantuk panganten estri ingkang taksih rara/prawan.
Nanging Upacara Panggih Panganten wonten wewaton malih, manawi:
– Prawan pikantuk dhudha kembang (dhudha dereng kagungan putra), saratipun penganten putri kedah nyiram tumper wonten tengah kori.
– Jejaka pikantuk randha lanjar (randha dereng kagungan putra), wewatonipun penganten kakung kedah nyiram tumper wonten tengah kori.
– Penganten kakung utawi penganten putri pikantuk sedherek misan, saratipun kedah madhung tumpeng ing sanginggiling pipisan.
– Lare ingkang kanikahaken dhawah pambajeng (langkung-langkung lare estri), dipunwonteni Upacara Bubak Kawah. Tatacaranipun sami, nanging katambah cawisan rujak manis sarta rujak degan. Caranipun, sabibaripun pangih, rujak manis lan rujak degan kaladosaken kagem bapakipun panganten estri. Ingkang bapa lajeng dipuntakeni semahipun, “Rujakipun eca pundi, Pak? Rujak degan kalih rujak legi?”. Wangsulanipun ingkang bapa makaten: “Seger sumyah. Wis ora ana sing kurang, Bu”.
– Lare kang kanikahaken dhawah wuragil (langkung-langkung lare estri), dipunwonteniUpacara Tumpak Ponjen. Inggih punika upacara pangkon, kalajengaken upacara ngedum ponjen. Ponjen-ponjen (kanthong, pundhi-pundhi) kadamel saking barang sembet (gombal) warna-warni, lajeng kaisi anggi-anggi bumbon craken/jamu, arta selaka, arta tembaga sapepakipun. Langkung utami mawi arta emas. Ponjen-ponjen nuli kasok ing sangajeng panganten, nuli kangge rebatan sadherek-sadherekipun panganten tuwin para putra wayah sanesipun. Nanging arta-arta wau lajeng kawangsulaken malih.
Kanthi makaten Upacara Panggih Panganten sampun paripurna. Kalajengaken pangandikan atur panuwun saking ramanipun, panganten putri (utawi priyantun ingkang kapatah). Sasampunipun cekap, lajeng pasugatan kawedalaken. Manawi wonten lelangen (acara kesenian) inggih saged nuli kawiwitan. Pasugatan ugi wiwit kawedalaken ngantos sacekapipun.
Adicara salajengipun panganten sarimbit katuntun mrepegi para lenggah, sarta katepangaken dhumateng para rawuh, utaminipun para tamu pangageng sarta tamu ingkang kinurmat. Lajeng kawontenaken Panganten Kirab. Inggih punika panganten kakirabaken Maksudipun amrih sadaya para lenggah ingkang wonten wingking saha sadaya ingkang paring pambiyantu, para sinoman tuwin sanesipun, saged mriksani kanthi trawaca panganten kekalih. Salajengipun panganten kekalih lumebet dalem saperlu tukar busana.
Manawi sampun cekap, panganten sarimbit tindak dhateng pendhapa malih sarta lenggah ing dhampar panganten. Sasampunipun kapanggalih cekap ing samudayanipun, panganten sarimbit lajeng mandhap saking dhampar panganten, kalarabaken tumuju sangajeng pendhapa minangka asung pakurmatan dhumateng para tamu ingkang badhe kondur. Para tamu paring pamuji donga pangestu dhumateng panganten kekalih. Ing wekdal punika, bapa-ibu panganten sarimbit, sesepuh, sarta sadherek sanesipun sami ngampingi panganten.
sumber :http://insancendekiajawa.blogspot.com

Adat Tatacara Panganten Jawi Ing Surakarta Saha Ngayogyakarta

Abdidalem Karaton Ngayogyakarta badhe ngayahi pasang tarub
Abdidalem Karaton Ngayogyakarta badhe ngayahi pasang tarub
Bab tata cara panganten Jawi kados ingkang lumampah ing tlatah Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, asring minangka pathokan tumrap lumampahing tatacara panganten adat Jawi ing pundi papan. Upacara panganten kanthi adat Jawi punika engga sapriki taksih kathah katindaken. Inggih punika ing kitha-kitha ageng, utawi ing papan-papan tebih ingkang kathah dipunpanggeni tiyang Jawi. Para priyantun Jawi ingkang mukim ing nagari manca, ugi kathah ingkang nindakaken tatacara palakrama kanthi adat Jawi makaten wau. Malah wonten ingkang ngantos ndhatengaken juru paes saking tanah Jawi, komplit kalihan juru cucuk lampah.
Nanging ingkang perlu kawuningan, sajatosipun nindakaken palakrama kanthi tatacara Jawi punika gumantung dhumateng tiyang ingkang gadhah hajad piyambak. Manawi ingkang kagungan hajad punika priyantun brewu mlekethu, temtu wedharing tata cara penganten saged katindakaken kanthi jangkep, sae, sarta ageng. Nanging kagem priyantun ingkang kagolong kirang mampu, tumapaking tata cara penganten padatanipun inggih namung kalampahan sacara prasaja sarta miturut kabetahan kemawon.
Wondene bab tatacara adat panganten Jawi ingkang badhe kaandharaken punika, lelandhesan saking kepekan sarta seratanipun bapak Winarno Wiromidjojo, priyantun winasis ingkang lebda ing bab kabudayan sarta kagunan Jawi, ingkang lenggah ing kitha Surakarta. Ugi katambah saking katranganipun ibu Ruminah Wiromidjojo ingkang pidalem ing Ngayogyakarta. Ing sawatawis wekdal kapengker, bapak Winarno Wiromidjojo nate sesorah babagan tatacara perkawinan Jawi ing Kantor Proyek Javanologi Yogyakarta.
Lelampahan Saderengipun Palakrama
Bab-bab umum ingkang kedah kalampahan saderengipun nindakaken palakrama, inggih punika sasampunipun wonten rembag antawisipun pehak calon penganten kakung kalawan pehak calon penganten putri. Kekalihipun sampun sami sarujuk badhe gesang bebrayan pinangka salaki rabi. Pramila lajeng katetepaken benjing punapa wekdalipun (dinten “D” nipun) kangge palakrama.
Kangge kabetahan punika lajeng kabentuk panitia ingkang nggadahi warni-warni jejibahan. Kadosta:
– Pinangka atur palapuran kangge urusan surat ijin nikah (dhumateng RT, RW, dhukuh, lurah, camat), KUA (Kantor Urusan Agama), Gereja utawi Kantor Catatan Sipil.
– Ngrembag bab nawala ulem (undhangan) prakawis gedhung, pengeras suara, dokumentasi, jurupaes, among tamu, MC/panatacara, hiburan, pasegahan, lsp.
– Ngrembag bab kabetahan adat, kadosta wilujengan, pasang tarub, damel sekarmayang, sesaji, lan sanesipun.
– Matah tetiyang ingkang pinangka tetuwangganipun adicara (padatanipun pinisepuh, utawi Ketua RT/RW), sarta tetiyang ingkang kajibah atur pambagya, atur panampi, lsp.
– Malah tetiyang ingkang badhe paring pambimbing dhateng calon panganten, sarta tetiyang ingkang ngawat-awati rancanging dhaharan, urusan tampi sumbangun, urusan pangintunan nawala ulem, pembantu umum, lsp.
Upacara Jonggolan
Tarub ngajeng kori, rinengga mawarni tetuwuhan
Tarub ngajeng kori, rinengga mawarni tetuwuhan
Ngancik pitung dinten saking dinten “D” kawontenaken Upacara Jonggolan. Ing mriku, saweneh petugas KUA rawuh ing daleminipun tiyang sepuh calon penganten putri, saperlu nanjihaken dhumateng calon penganten putri lan calon penganten kakung, punapa kekalihipun saestu badhe sagah nindakaken palakrama kanthi tanpa pineksa. Pinangka seksi, wakil saking keluarga calon penganten puti-kakung.
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit damel sesajen sarta wilujengan. Padatan ing Kraton Surakarta, caos sesaji ing Sitihinggil Kraton Surakarta kagem Nyai Setomi (mriyem), Kyai Surak (gong), sarta Kyai Sala (ingkang cikalbakal kitha Solo). Ugi mundhut pasir ing sakidul Bangsal Witana, pados ron waringin lumah-kureb ing sangandhap waringin kurung Kyai Jayandaru lan Kyai Dewandaru ing Alun-alun Ler, sarta mundhut toya tempuran lepen Bengawan Solo. Menggah ing Kraton Ngayogyakarta, kanthi caos sesaji ing Pasarean Kutha Gedhe sarta Imagiri.
Salajengipun nuli samekta sesaji kangge ing petanen sarta pendaringan. Petanen inggih punika senthong (kamar) ingkang bakal kangge papan pagulingan panganten, dene pedaringan inggih punika papan kangge nyimpen uwos.
Pasang Tarub
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit kaayahan pasang tarub. Lajeng sadinten saderengipun dinten “D”, ing kanan-kering tarub ngajeng kori nuli kapajang rerenggan mawarnai tetuwuhan, dumados saking: Setunggal tandhan pisang raja ingkang meh mateng (kalih uwit), tebu Arjuna sapasang, cengkir gadhing tuwin cengkir legi sarakit, pantun sagedheng kabage kalih, otek sagedheng kabage kalih, sarta mawarni ron-ronan (kluwih apa-apa, alang-alang, kara, maja, girang, kemuning).
Tetuwuhan kasebat kapasang kukuh ing cagak, nyawiji kalihan gedebog pisang raja. Tebu Arjuna kapasang jejeg, sangandhapipun kapasang cengkir gadhing lan cengkir legi. Sadaya wau gumantung kalihan janggan tandhan pisangipun. Dene ron kluwih pendhak tigang lembar kapasang ing gedebog pisang, sangandhap cengkir gadhing lan cengkir legi. Sangandhap ron kluwih kapasang rerangkenan pantun sarta otek sapalih gedheg ingkang rinengga ngupengi gedebog pisang. Sangandhapipun kasusul rerangken ron apa-apa, alang-alan, kara, maja, girang, kemuning (sadaya wau katindakaken kanthi sae dening piyantun mirunggan ingkang saestu kuwagang. Satemah ngasilaken rerenggan ingkang asri, maujud dados rerangkenan ingkang ceples menggahing tradhisi tarub pengaten Jawi).
Sesajen kanggo tarub lan tetuwuhan dumadi: sekul lulut (pulen) 2 ambeg, sekul wudhuk (gurih) 2 ambeg, sekul asahan (basahan) 2 ambeg, sekul golong 22 glindhing, jajan pasar (dhawet, rujak, pecel ayam, jangan menir, ulam ayam lembaran (saking jago pethak), jenang (abang putih, baning, baro-baro), jangkong, inthil katul, pisang, pisang ayu, suruh ayu, abon, jambe, gambir, mbako, injet.
Sesajen ingkang katanem, dumados saking empluk kaisenan tigan ayam 3, gereh pethek, kacang ijem, kedhele, kemiri, gepal jendhul, gantal (suruh ingkang kalinting lan lebetipun kaisi apu/injet sarta katangsulan). Nanemipun ing sangandhap petanen, sangajeng kori tengah, sangajeng pawon, sarta ing margi prasekawan. Nanging boten katanem inggih boten punapa, cekap kaselehaken kemawon. Menggah ujubipun kapasrahaken kaum.
Damel Sekar mayang
Sekar mayang utawi kembang mayang ugi minangka kalengkapaning palakrama. Kadamel dening saweneh piyantun sepuh ingkang estu lebda ing karya, kabiyantu dening para kaneman. Kangge damel sekar mayang kabetahaken ubarampe serta bebakal (bahan-bahan), kadosta: Kecohan (paidon) ageng cacah kalih, gedebog lan sindur gula klapa panjang kalih kilan cacah 2, janur kuning sekawan papah ingkang wetah, ron-ronan (girang, kemuning, waringin) ingkang kathah kapendhet sami gagang sarta epangipun, who nanas ingkang sampun mateng sajambulipun cacah 2, sujen deling ingkang kandel panjang tigang kilan cacah 2, sekar (mlathi, kanthil, sarta sekar sanesipun ingkang kapanggalih sae), dom bundhel lan dom bolah sacekap, degan cacah 2 kaparas  (keceripun katilar).
Dene ingkang kedah sampun kadamel utawi ingkang sampun sumadiya langkung rumiyin, inggih punika rerangken janur ingkang kadamel wawangunan maneka warni, kados keris-keris, manuk-manukan, uler-uleran, sarta conthongan sacekapipun.
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com