Sabtu, 10 Januari 2015


Temanten Adus Getih

Dhungendhil umyeg: “Mblotha edan, Mblotha edan, Mblotha edan!!” Akeh-akehe wong padha nyukurake jalaran rasa ora senenge marang Ki Gedhe Mblotha kang dianggep kongas, semugih lan cluthak. Nanging tumrap wong-wong kaperca­yane Ki Gedhe Mblotha padha ora nari­makake. Tekade arep gawe petungan dhe­we. Desa Sanggrahan, ya desane Randha Kuning, bakal didadekake karang abang. Tujune enggal kasusul tekane Ki Mbudha saka Winong, sedulur pamba­repe Ki Andharante lan Ki Gedhe Mblotha.
“Wis tekan wayahe Mblotha icip-icip wohing tandurane dhewe. Golek mati nek kowe kabeh arep jajal-jajal wani karo Randha Kuning. Aja dupeh wong wadon. Ledhek. Tenan kuwi!” pamepere Ki Mbudha kebak daya pangaribawa. “Lelakon iki kudu ditampa kanthi pasrah sumarah marang Kang Gawe Urip. Aja mbregundung mun­dhak keduwung. Aja sumengka mundhak cuwa! Mblotha diawat-awati wae. Yen adoh cedhakana, nek cedhak dohana.”
Cep klakep wong-wong kapercayane Ki Gedhe Mblotha ora cemuwit bareng ngra­mesi omongane Ki Mbudha. Pituture wong tuwa kang wis meneb. Ki Mbudha sing dikurmati Ki Gedhe Mblotha jalaran dianggep awas mata batine. Mulane dhek emben kae Ki Gedhe Mblotha rumangsa ewuh pakewuh arep ngajak rembugan perkara Randha Kuning karo kakange mau. Nyatane, bareng kang diajak rembugan Ki Andharante, ya kaya mangkono kuwi dadine. Bubrah kabeh.
Lakune mangsakala anyakra manggi­lingan. Terus mubeng datan ana man­dhege. Mangsakala kang setya ngiring la­kune ukum alam. Dumadi, ana lan sirna. Mangsakala kang sumanggem ing jejibahan, ora merduli rina-wengi, panas-udan lan sa­piturute. Mangsakala kang ora milah-milih lelakon ala lan becik. Kaya lelakone Ki Gedhe Mblotha lan Randha Kuning.
Lastri sing wiwit mau mung meneng suwe-suwe dadi jeleh lan jengkel
Lastri sing wiwit mau mung meneng suwe-suwe dadi jeleh lan jengkel
Sigeg ganti kang winuwus, nunggal ca­ritane nanging seje panggonane. Nuju wanci tengange ing sendhang lor Desa Ke­miri ana prawan lagi katungkul umbah-umbah. Mangkate pancen diseja awan ngepasi sendhang sepi uwong jalaran kum­bahane sathekruk. Kumbahane dhewe wis akeh ndadak isih ketambahan sandha­ngane bapak lan simboke. Yen dikumbahi rewange, bapak-simboke grundelan. Jarene isih kurang resik. Senajan wis diwenehi godhong dilem meksa isih mambu-mambu penguk, ganda mbako. Menawa mangkat mau-mau, luwih-luwih yen wayah wisan gawe, neng sendhang kono mesthi rame. Akeh wong usek-usekan. Kadhang-kadhang malah kudu ngenteni. Nyaron bumbung. Nganti ngan­tuk-ngantuk. Njelehi!

Kumriwike banyu sing nyumber saka gampeng sendhang lan kumresege go­dhong ringin pinggir
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar