Sabtu, 10 Januari 2015

UPACARA ADAT

UPACARA ADAT “Penebusing Bayi Julung Caplok”
Ing Kabupaten Lumajang ana upacara adat” Penebung Bayi Julung Caplok”. Mliginipun ing desa Penthungbulus Kecamatan Tempeh (cedhak gunung Semeru).
Upacara menika ateges wis takdire bocah bakal pikantuk bilahi amarga lair ing wekdal kang ora becik, ana 6 maceme:
1. Julung Kembang : bayi kang lair bebarengan srengenge mletek.
2. Julung Pujut : jeneng wuku kang kapin 15
3. Julung Sarap : bayi kang lair ngarepake surup
4. Julung Sungsang : bayi kang lair pas jam 12 awan
5. Julung Wangi : jeneng wuku kang kaping 9
6. Julung Caplok : bayi kang dilairake ing wektu srengenge angslup
            Adhedasa kapercayaan kasebut “ Julung Caplok” laire ing dina “ Slasa Pahing” iku kudu ditebus kanthi upacara mligi, supaya kahindar saka meneka warna bilahi.
Tujuan Upacara menika :
·         Nyuwun pangapura marang gusti allah supaya dibebasake saka meneka tumindak dosa sakarone wong tuwa si bayi
·         Nyuwun ngapura marang gusti allah supaya bayi kasebut dibebasake maneka bebaya kang ora dikarepake
·         Nyuwun marang gusti allah supaya bayi aksebut diparingi berkah urip donya akherat serta umur langgeng ing bumi
Tata urut upacara:
1.      Wektu-wektu bayi dilairake lan persiapan uapacara
2.      Uapacar “ Penebusing Bayi Julung Caplok”
Susunan prosesi diatur mangkene
§  Pambabat margi/ penunjuk jalan utawa cucuk lapah
§  Dukun lan pambiyantune( pemimpin upacara)
§  Kang kapatah gawa” dammar kembang”. Dumadi saka Kenya bocah pitu, mingka kembang roh pamomong bayi
§  Kang kapatah gawa sesaji, Kenya cacah papat
§  Wong utawa bayi, simbah putrid lan mbah kakung
§  Barongan/ jaranan kinaran jepaplak utawa gumbing telung penjuru
§  Kang kapatah gawa tumpeng wedhus kendhit, dammar kembang, pisang ayu, suruh ayu, lan kambil, sarta benag lawe. Wedhus kendhit kasebut minangka tebusan banjur diwucalake lan pungkasane kanggo rebutan masyarakat kang ngestreni upacara. Pawongan kang sepisan nyekel yaiku kang nduweni hak wedhus kasebut.
3. masrahake bayi saka wong tuwa marang dukun, sabanjure dianakake upacara ruwat utawa penebusing bayi
4. ngucapake donga ( mantra), slametan lan ngeculake wedhus
5. sumbaran pamong
6. upacara paripurna, tamu wangsul ing omahe piyambak-piyambak

sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar