SUKU KANEKES/BADUY Kukuh Nyekel Pranatan Adat
Ing tlatah
Kabupaten Lebak Banten, ana siwijining kelompok wong kang kuwat nyekel
pranatan adat, kang sinebut Suku Kanekes, utawa Suku Baduy. Wong-wong
kasebut, duwe tatanan, “ndhewe”, tegese, “mengisolir” diri, saka
pasrawungan, apadene pengaruh-pengaruh tatanan njaban wewengkon.
Sebutan Baduy, mujudake jejuluk saka masyarakat luar tumrap kelompok
kasebut. Bab kasebut, adhedhasar panaliten kang katindakake dening
Walanda, kang sajake madhakake kelawan tembung Arab, Badawi, kang kurang
luwih tegese, kelompok, kang ora manggon kanthi tetep, lire sok
pindhah-pindhah.
Nanging uga ana kang nelakake, yen jeneng Baduy kasebut, kajumbuhake
kelawan jeneng kali yaiku Kali Baduy, apadene Gunung Baduy, kang mapan
ing iring lor saka papan cumondhoke suku-suku kasebut. Nanging
wong-wong mau luwih seneng nyebutake dhewe, kanthi tembung “urang Kanekes”. Urang, iku tembung basa Sundha (ngoko), kang cara Jawa-ne “aku”. Dene Kanekes, iku jenenging papan dunung tataran desa.
Suku Baduy, anggone sambung gunem migunakake basa Sundha, minangka
kanggo sambung gunem pedinan klawan kelompoke. Dene yen sambung gunem,
marang wong njaba, migunakake basa Indonesia. Wong Baduy, ora pana
babagan maca tulis, dadi piwulang apa wae saka para leluhure,
adhat-istiadhat, kapercayan/ agama, mung asipat “tutur lisan” wae. Wong
Kanekes, ora ngerti babagan pawiyatan, awit bab kasebut, (utawa
pendidikan formal), iku (diasnggep) cengkah kelawan adhat-istiadhate
dheweke. Tundhone, wong Kanekes, ora dunung lan ora paham, babagan
maca,etung nulis, lan nggambar.
Wong Baduy, nduweni hubungan sejarah kelawan wong Sundha. Penampilan
pisik apadene basa, saemper kelawan wong Sundha umume. Kang mbedakake,
yaiku bab kepercayaan, apadene carane ngaurip. Wong Kanekes, utawa
Baduy, kayadene “singidan”, lan kukuh nyekel pranataning adhat,
apadene tradhisi. Sedheng wong Sundha, (kayadene) sumanak, lan
gampang mangun pasrawungan, tur akeh-akehe wong Sundha ngrasuk agama
Islam. Masyarakat Kanekes, kaperang dadi telu, yaiku: tangtu, panamping lan dhangka. Kelompok tangtu, yaiku kang kaloka sinebut Kanekes/Baduy Dalam. Ing antarane kelompok-kelompok iku ya kelompok tangtu,
kang kasusra paling kenceng nggebengi adhat lan pranatan. Yaiku kang
cumondhok ing tlatah: Cibeo, Cikertawana, apadene ing Cikeusik.
Kelompok tangtu darbe ciri kang khas, yaiku sandhang panganggone sarwa
seta (putih). Kalompok kasebut, manut pranatan, ora dikeparengake
miturut adhat, nemoni, utawa sapatemon, kelawan wong njaba.
Saperangan saka pranatan adat, kang kudu dirasuk lan dadi gegebengan, ing antarane:
(1). Ora kena lelungan migunakake tetumpakan;
(2). Menyang endi wae, ora kena nganggo lelemek sikil, kayadene sandhal, sepatu lsp;
(3) Adheping lawang omah, kudu marep ngalor. (kejaba Pu’un, yaiku manggalaning adhat);
(4) Ora dikeparengake migunakake piranti-piranti elektronik;
(5) Sandhang panganggo, kudu olehe nenun, lan olehe njahit dhewe, tegese ora kena nganggo sandhangan kang modern.
Kelompok angka loro, yaiku panamping. Kelompok iki kang uga sinebut Kanekes Luar, utawa Baduy Luar. Kelompok
kasebut, cumondhok (sumebar), ing pirang-pirang papan panggonan
kayadene ing Cikadu, Kedhuketuk, Kadukolot, Gajeboh, Cisagu, lsp. Ciri
kang khas, saka Kanekes Luar, yaiku nganggo udheng wulung. Kanekes
Luar, mujudake wong-wong kang wus nalisir, lan nyebal, saka pranatan
adat Kanekes Dalam. Ana saperangan bab kang njalari diwetokake saka
Kanekes Dalam, ing antarane:
(1) Wus (wani) nalisir lan nglanggar adat masarakat Kanekes Dalam;
(2) Ana karep pancen kepingin metu saka Kanekes Dalam;
(3) Nikah klawan anggota Kanekes Luar.
Ciri masarakat Kanekes Luar, yaiku (1).
Wus ngenal teknologi, kayadene piranti elektronik, senajan
panganggone tetep mujudake larangan, kanggo saben warga Kanekes. Olehe
migunakake uga kanthi dhedhemitan, lan sesingidan, murih ora nganti
kadenangan pengawas saka Kanekes Dalam; (2). Proses pembangunan omah,
wong Kanekes Luar, wus migunakake piranti-piranti manca, kayadene:
graji, paku, palu lsp, kang kabeh mau mujudake larangan tumrap adhat
Kanekes Dalam. (3), Anggon-anggon sandhangan, uga wus nyebal saka adhat,
kang mracihnakake yen wus ora nganggo sandhangan suci. Malah ora
sithik kang nganggo sandhangan modern kayadene kaos oblong clana Jeans
lsp. (4) Wus (wani), migunakake piranti-piranti bale somah kang modern,
kayadene : kasur, bantal, piring, gelas beling lan liya-liyane. (5) Wus
cumondhok ing sanjabaning wewengkon Kanekes Dalam.
Yen Kanekes Dalam lan Kanekes Luar, cumondhok ing wewengkon Kanekes, mangka Kanekes Dhangka, cumondhok,
ing sanjabaning wewengkon Kanekes, yaiku mung kari ana rong kampung,
kang torah yaiku Cibengkung, /Padhawaras, lan Sirahdayeuh utawa
Cihadam.
Miturut kapercayan kang dianut dening Suku Baduy. Kanekes, dheweke iku
mratelakake, yen wong-wong Baduy. Kanekes iku, (jarene), isih keturunane
Bathara Cikal, saweneh saka dewa cacah pitu, kang ingutus tedhak ing
madyapada. Bab asal-usul kasebut, sok digayutake kelawan Nabi Adam,
minangka nenek-moyange. Wong-wong Baduy/Kanekes percaya, yen saweneh
saka keturunane manggala kang kasebut ngarep, yaiku wong Kanekes, kinen
mendhita, utawa nindakake talak-brata, kanggo njaga kasalarasaning
donya. Nanging panemu mau ora padha kelawan andharane para ahli
sejarah, kang ndhasarake panemune, kanthi carasintesis, saka
pirang-pirang bukti sejarah, awujud prasasti, cathetan perjalanan
pelaut Portugis, lan Tiongkok, sarta crita bab Tatar Sundha kang mung
tinemu sithik buktine.
Masarakat Kanekes/Baduy kagayutake kelawan Kerajaan Sunda,
sadurunge runtuh ing abad kaping 16, apunjer ing Pakuan Pajajaran,
sakiwa-tengen Bogor, yen samengko. Sadurunge Kasultanan Banten madeg,
tlatah pojok iring kulon pulo Jawa, mujudake perangan penting saka
Kerajaan Sunda. Banten mujudake pelabuhan dagang kang kasuwur. Kali
Ciujung, bisa dilayari maneka rupa jinis prau, lan rame, kanggo sarana
ngangkut hasil bumi saka wilayah pedalaman. Kanthi mengkono, panguwasa
wilayah kasebut, kang sinebut Pangeran Pucuk Umum, rumangsa kajibah
njaga lan ngrumat lestarine kali ksb.
Kapercayan
Ngenani bab kapercayan, masarakai Kanekes kang sinebut minangka Sundha Wiwitan, apunjer
marang anane pamujan, marang arwah nenek-moyang, (animisme), kang
ing perkembangan sabanjure, uga dipengaruhi dening agama Buddha,
Hindhu, apadene Islam. Inti saka kapercayan ksb, kapratelakake, kanthi
anane pikukuh utawa katemtuwan adhat mutlak kang dianut, jroning urip
lan pakaryan pedinan, tumrap wong Kanekes. Isi baku saka pikukuh ksb,
yaiku konsep “tanpa anane owah-owahan”, senajan mung kadar perkara kang
cilik. Banjur ana ukara basa Sundha kang unine: “Lojor, heunteu beunang dipotong, pendhek, heunteu beunang disambung” kang cara Jawane “Dawa ora pareng dikethok, cendhak ora pareng disambung”. Tabu, utawa
larangan ksb, ing kridha lan urip pedinan, di-interpretasi-kan
secara harfiah. Ing babagan pertanian/olah tetanen, wujud pikukuh ksb,
yaiku kanthi anane pranatan kang wose, ora kena ngowahi kontur lahan, kanggo pategalan, engga tata cara olehe ngolah tetanen, mung kadar samadya, ora nganggo digaru-diluku, ora ana terasering, mung olehe nenandur sarana piranti kang sinebut tugal, yaiku kethokan pring, kang perangan pucuk dilancipi.
Ing pembangunan omah, uga kontur permukaan tanah disekarep apa anane,
engga cagak (utawa saka) omah, duweke wong Kanekes, dawane ora padha.
Pangucap lan tumindake wong Kanekes, uga prasaja, jujur, lan thok-leh,
tanpa nganggo tedheng-aling-aling. Malah ing babagan dol-tinuku, ora ana
tembung nyang-nyangan.
Ing babagan pamarentahan, ing masyarakat Kanekes, ana sistem pamarentahan 2 (rong) werna, yaiku sistem nasional, kang mbangun miturut marang pranataning nagara Nuswantara, lan sistem adat, yaiku midherek marang adat-isitiadat, kang dipercaya dening masyarakat. Kekarone sistem ksb, digabung, utawa“diakulturasikan”, kanthi
cara tartamtu, engga ora nuwuhake perdonden, lan ora diya-diniya.
Secara nasional, penduduk Kanekes kapimpin dening kepala desa, kang
sinebut minangka jaro pamarentah, kang
kalungguhane kapernah sangisoring camat, dene secara adat, tundhuk
marang pemimpin adat Kanekes, kang paling dhuwur, yaiku Pu’un.
Pemimpin tertinggi jroning masarakat Kanekes, yaiku Pu’un, kang ana ing telung kampung tangtu. Jabatan
utawa kalungguhan ksb katindakake nganti turun-tumurun, nanging ora
secara otomatis saka bapak menyang anak, nanging bisa uga kerabat
sejene. Suwene anggone nglungguhi jabatan Pu’un kora
bisa katemtokake, gumantung kemampuan, kawicaksanan, apadene kaprigelan
olehe nglungguhi jabatan ksb. Pelaksana harian pemerintah adhat kapu’unan, katindakake deningjaro, kang kaperang dadi papat, yaiku jaro tangtu, jaro dhangka, jaro tanggungan,lan jaro pamarentah. Jaro tangtu duwe tanggung jawab ing babagan pelaksanaan hukum adhat marang warga tangtu, lan maneka-warna urusan sejene. Jaro dhangka, jejibahane njaga, ngurus lan ngrumat tanah titipan leluhur kang ana ing sanjabaning Kanekes lan sanjerone. Jaro dhangka, cacahe ana wong sanga, kang yen katambahan wong telu, saka jaro tangtu, ingaran jaro duabelas. Manggalaningjaro duabelas ksb aran jaro tanggungan. Dene jaro pamarentah,
secara adhat, nduweni tugas, minangka penghubung, antarane masyarakat
adat Kanekes, kelawan pemerintah nasional, kang ing tugase, kabantu
dening pangiwa, carik, lankokolot lembur. Kokolot lembur, maksude tuwa-tuwaning (tetuwaning) kampung.
Pangupajiwa
Kaya kang wus dumadi atusan taun kepungkur, pagaweyane suku Kanekes,
yaiku olah tetanen, nandur pari. Kejaba iku, uga ana pemetu liya,
kayadene kasiling woh-wohan saka tegal lan alas, arupa duren, asem
kranji, lan madu tawon alas.
Pasrawungan kelawan masyarakat njaba
Engga jaman samengko, masyarakat Kanekes, tansah kanthi mituhu, njaga
kanthi kukuh, babagan adhat-istiadhat, malah kena ingaranan masyarakat
kang terisolasi, saka perkembangan dunia luar. Madege Kasultanan Banten
kang kanthi otomatis nglebokake Kanekes, menyang wilayah kekuasaan, ora
uwal saka kasadharaning wong-wong mau. Minangka tandha kepatuhan/
pengakuan kekuasaan, masarakat Kanekes, kanthi ajeg, nganakake kridha “seba” ing
Kasultanan Banten, malah engga samengko kridha seba isih sempulur
katindakake, senajan mung setaun sepisan. Malah kridha seba kasebut,
masyarakat Kanekes, sinartan asok bulubekti, wujud kasiling bumi,
apadene palawija, marang Gubernur Banten, liwat Bupati Kabupaten Lebak.
Ing babagan pertanian, penduduk Kanekes Luar, berinteraksi kenceng
kelawan masyarakat luar, kayadene nyewakake lemah, marang tenaga buruh.
Olah dedagangan, kang jaman kapungkur, katindakake kanthi cara barte,
samengko wus miginakakemata uang rupiyah. Suku Kanekes,adol kasil
buah-buahan, madu, lan gula aren lantaran para tengkulak. Wong Kanekes,
golek kabutuhan pedinan kaya lumrahe. Pasar, kanggo wong Kanekes,
dumunung ing sanjabaning wilayah Kanekes, kayadene pasar Kroya,
Cibengkung, apadene Ciboleger. Jaman samengko, pangunjung kang teka
menyang wilayah Kanekes, sangsay suwe, san saya meningkat, malah
nganti cacah atusan sekali kunjung. Dene jinise pengunjung racake saka
kalangan remaja sekolahan. Mahasiswa, lan uga para pengunjung diwasa
liyane. Wong Kanekes, kanthi legawa, nampa tekane para pengunjung,
(senajana nganti nginep), waton tetep mituhoni bab pranatan adhat ing
kana. Saweneh saka pranatan aturankang ana yaiku ing antarane ora kena
foto, ing wewengkon Kanekes Dalam, ora kena migunakake sabun, odhol, ing
kali. Nanging rumrap WNA, tetep ora oleh teka mrana. Pira wae wartawan
asing, kang nyoba kepingin mlebu wewengkon kono, ora bakal “diwenehi
lawang”.
Nalika wektu kang pas mirunggan, suku Kanekes, dhemen lelana menyang kutha gedhe ing sakiwa-tengening papan kana. Kanthi sarat, ora kena nganggo, lemek sikil, lan kudu mlaku, ora kena nenumpak kendharaan. Umume, wong-wong Kanekes, yen pinuju lelungan, ajeg ora mung ijen, nanging wong telu, kadhangkala nganti wong lima bebarengan. Dene lungane, kadhangkala sanja marang kanca lan mitra pitepungan, mligine kang wus nate teka menyang Kanekes. Kejaba sanja, uga sinambi dodolan kayadene madu lan kerajinan tangan
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar