Sabtu, 10 Januari 2015


Adat Tatacara Panganten Jawi Ing Surakarta Saha Ngayogyakarta

Abdidalem Karaton Ngayogyakarta badhe ngayahi pasang tarub
Abdidalem Karaton Ngayogyakarta badhe ngayahi pasang tarub
Bab tata cara panganten Jawi kados ingkang lumampah ing tlatah Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, asring minangka pathokan tumrap lumampahing tatacara panganten adat Jawi ing pundi papan. Upacara panganten kanthi adat Jawi punika engga sapriki taksih kathah katindaken. Inggih punika ing kitha-kitha ageng, utawi ing papan-papan tebih ingkang kathah dipunpanggeni tiyang Jawi. Para priyantun Jawi ingkang mukim ing nagari manca, ugi kathah ingkang nindakaken tatacara palakrama kanthi adat Jawi makaten wau. Malah wonten ingkang ngantos ndhatengaken juru paes saking tanah Jawi, komplit kalihan juru cucuk lampah.
Nanging ingkang perlu kawuningan, sajatosipun nindakaken palakrama kanthi tatacara Jawi punika gumantung dhumateng tiyang ingkang gadhah hajad piyambak. Manawi ingkang kagungan hajad punika priyantun brewu mlekethu, temtu wedharing tata cara penganten saged katindakaken kanthi jangkep, sae, sarta ageng. Nanging kagem priyantun ingkang kagolong kirang mampu, tumapaking tata cara penganten padatanipun inggih namung kalampahan sacara prasaja sarta miturut kabetahan kemawon.
Wondene bab tatacara adat panganten Jawi ingkang badhe kaandharaken punika, lelandhesan saking kepekan sarta seratanipun bapak Winarno Wiromidjojo, priyantun winasis ingkang lebda ing bab kabudayan sarta kagunan Jawi, ingkang lenggah ing kitha Surakarta. Ugi katambah saking katranganipun ibu Ruminah Wiromidjojo ingkang pidalem ing Ngayogyakarta. Ing sawatawis wekdal kapengker, bapak Winarno Wiromidjojo nate sesorah babagan tatacara perkawinan Jawi ing Kantor Proyek Javanologi Yogyakarta.
Lelampahan Saderengipun Palakrama
Bab-bab umum ingkang kedah kalampahan saderengipun nindakaken palakrama, inggih punika sasampunipun wonten rembag antawisipun pehak calon penganten kakung kalawan pehak calon penganten putri. Kekalihipun sampun sami sarujuk badhe gesang bebrayan pinangka salaki rabi. Pramila lajeng katetepaken benjing punapa wekdalipun (dinten “D” nipun) kangge palakrama.
Kangge kabetahan punika lajeng kabentuk panitia ingkang nggadahi warni-warni jejibahan. Kadosta:
– Pinangka atur palapuran kangge urusan surat ijin nikah (dhumateng RT, RW, dhukuh, lurah, camat), KUA (Kantor Urusan Agama), Gereja utawi Kantor Catatan Sipil.
– Ngrembag bab nawala ulem (undhangan) prakawis gedhung, pengeras suara, dokumentasi, jurupaes, among tamu, MC/panatacara, hiburan, pasegahan, lsp.
– Ngrembag bab kabetahan adat, kadosta wilujengan, pasang tarub, damel sekarmayang, sesaji, lan sanesipun.
– Matah tetiyang ingkang pinangka tetuwangganipun adicara (padatanipun pinisepuh, utawi Ketua RT/RW), sarta tetiyang ingkang kajibah atur pambagya, atur panampi, lsp.
– Malah tetiyang ingkang badhe paring pambimbing dhateng calon panganten, sarta tetiyang ingkang ngawat-awati rancanging dhaharan, urusan tampi sumbangun, urusan pangintunan nawala ulem, pembantu umum, lsp.
Upacara Jonggolan
Tarub ngajeng kori, rinengga mawarni tetuwuhan
Tarub ngajeng kori, rinengga mawarni tetuwuhan
Ngancik pitung dinten saking dinten “D” kawontenaken Upacara Jonggolan. Ing mriku, saweneh petugas KUA rawuh ing daleminipun tiyang sepuh calon penganten putri, saperlu nanjihaken dhumateng calon penganten putri lan calon penganten kakung, punapa kekalihipun saestu badhe sagah nindakaken palakrama kanthi tanpa pineksa. Pinangka seksi, wakil saking keluarga calon penganten puti-kakung.
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit damel sesajen sarta wilujengan. Padatan ing Kraton Surakarta, caos sesaji ing Sitihinggil Kraton Surakarta kagem Nyai Setomi (mriyem), Kyai Surak (gong), sarta Kyai Sala (ingkang cikalbakal kitha Solo). Ugi mundhut pasir ing sakidul Bangsal Witana, pados ron waringin lumah-kureb ing sangandhap waringin kurung Kyai Jayandaru lan Kyai Dewandaru ing Alun-alun Ler, sarta mundhut toya tempuran lepen Bengawan Solo. Menggah ing Kraton Ngayogyakarta, kanthi caos sesaji ing Pasarean Kutha Gedhe sarta Imagiri.
Salajengipun nuli samekta sesaji kangge ing petanen sarta pendaringan. Petanen inggih punika senthong (kamar) ingkang bakal kangge papan pagulingan panganten, dene pedaringan inggih punika papan kangge nyimpen uwos.
Pasang Tarub
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit kaayahan pasang tarub. Lajeng sadinten saderengipun dinten “D”, ing kanan-kering tarub ngajeng kori nuli kapajang rerenggan mawarnai tetuwuhan, dumados saking: Setunggal tandhan pisang raja ingkang meh mateng (kalih uwit), tebu Arjuna sapasang, cengkir gadhing tuwin cengkir legi sarakit, pantun sagedheng kabage kalih, otek sagedheng kabage kalih, sarta mawarni ron-ronan (kluwih apa-apa, alang-alang, kara, maja, girang, kemuning).
Tetuwuhan kasebat kapasang kukuh ing cagak, nyawiji kalihan gedebog pisang raja. Tebu Arjuna kapasang jejeg, sangandhapipun kapasang cengkir gadhing lan cengkir legi. Sadaya wau gumantung kalihan janggan tandhan pisangipun. Dene ron kluwih pendhak tigang lembar kapasang ing gedebog pisang, sangandhap cengkir gadhing lan cengkir legi. Sangandhap ron kluwih kapasang rerangkenan pantun sarta otek sapalih gedheg ingkang rinengga ngupengi gedebog pisang. Sangandhapipun kasusul rerangken ron apa-apa, alang-alan, kara, maja, girang, kemuning (sadaya wau katindakaken kanthi sae dening piyantun mirunggan ingkang saestu kuwagang. Satemah ngasilaken rerenggan ingkang asri, maujud dados rerangkenan ingkang ceples menggahing tradhisi tarub pengaten Jawi).
Sesajen kanggo tarub lan tetuwuhan dumadi: sekul lulut (pulen) 2 ambeg, sekul wudhuk (gurih) 2 ambeg, sekul asahan (basahan) 2 ambeg, sekul golong 22 glindhing, jajan pasar (dhawet, rujak, pecel ayam, jangan menir, ulam ayam lembaran (saking jago pethak), jenang (abang putih, baning, baro-baro), jangkong, inthil katul, pisang, pisang ayu, suruh ayu, abon, jambe, gambir, mbako, injet.
Sesajen ingkang katanem, dumados saking empluk kaisenan tigan ayam 3, gereh pethek, kacang ijem, kedhele, kemiri, gepal jendhul, gantal (suruh ingkang kalinting lan lebetipun kaisi apu/injet sarta katangsulan). Nanemipun ing sangandhap petanen, sangajeng kori tengah, sangajeng pawon, sarta ing margi prasekawan. Nanging boten katanem inggih boten punapa, cekap kaselehaken kemawon. Menggah ujubipun kapasrahaken kaum.
Damel Sekar mayang
Sekar mayang utawi kembang mayang ugi minangka kalengkapaning palakrama. Kadamel dening saweneh piyantun sepuh ingkang estu lebda ing karya, kabiyantu dening para kaneman. Kangge damel sekar mayang kabetahaken ubarampe serta bebakal (bahan-bahan), kadosta: Kecohan (paidon) ageng cacah kalih, gedebog lan sindur gula klapa panjang kalih kilan cacah 2, janur kuning sekawan papah ingkang wetah, ron-ronan (girang, kemuning, waringin) ingkang kathah kapendhet sami gagang sarta epangipun, who nanas ingkang sampun mateng sajambulipun cacah 2, sujen deling ingkang kandel panjang tigang kilan cacah 2, sekar (mlathi, kanthil, sarta sekar sanesipun ingkang kapanggalih sae), dom bundhel lan dom bolah sacekap, degan cacah 2 kaparas  (keceripun katilar).
Dene ingkang kedah sampun kadamel utawi ingkang sampun sumadiya langkung rumiyin, inggih punika rerangken janur ingkang kadamel wawangunan maneka warni, kados keris-keris, manuk-manukan, uler-uleran, sarta conthongan sacekapipun.
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar