Sabtu, 10 Januari 2015




Ayat-ayat Gusti Allah

Nalika bun wayah esuk tumetes
Mung suket, godhong lan kewan gegremetan kang atur syukur
Manungsa wus kadhung ndengangak ngukur bantala
Ngetung etung isine gelaring jagad kang semrawut
Kabuntel nalar kang kebak paeka
Ah…wus dudu bun kang tumiba
Nanging banjir bandhang ngebaki ratan lan kali
Ayat ayating Gusti Allah kang teka…?
Nggawa banten kang tanpa kanyana-nyana…
Amarga saka pokale wingi uni kang lagi lali
Yen ta kabeh mau ijih ana kang kagungan karya
Aja dha sembrana midak bantala tanpa cecala
Ngawiyat ya mung dha golek suka…ah
Kapan ati iki kober ngukur dosa…?
Nalika para wikan lan winasis kandha… yen ta donya iki wus kari sagegeming asta
Tandha tandha kiyamat kang bakal teka…
Ayo ndang ngudi salira lan jiwa… sujud kanthi ati tumenga…
Nedya ndandani tumindak kang duraka…najan kari umur kang sisa…
sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar