Sabtu, 10 Januari 2015


LEGENDA DAN MITHOS
            Provinsi Jawa Timur ing sisih kulon wonten Kabupaten Bojonegoro ingkang perbatasan langsung kalih Kabupaten Blora ingkang sampun benten Provinsi inggih menika provinsi Jawa Tengah.ingkang dibatesi kalih lepen Bengawan Solo.  Kabupapaten Bojonegoro menika anggadhahi julukan Bumi Angkling Darma. Anggadhahi julukan Bumi Angkling Darma menika amargi ing tlatah Bojonegoro wonten cariyos kang nyariosaken Angkling Darma. Prabu Angkling Darma menika anggadhahi kerajaan ing Bojonegoro kang paring nama malowopati.
            Kabupaten Bojonegoro menika wonten salah satunggaling Kecamatan yaiku Kecamatan Padangan,lan ing Kecamatan Padangan wonten desa yaiku Ngradin. Asal-usulipun Desa Ngradin kawiwitan saking Alas kang ana kalih, setunggal alas Babrikan lan setunggale alas Ngrata. Alas Babrikan menika wonten ing sisih kulone margi lajeng alas Ngrata menika wonten ing wetane margi. Wonten sesepuh ingkang wonten ing alas menika, sesepuh jaler kang anggadhahi asma mbah Irajaya.
            Mbah Irajaya babat alas kekalihipun inggih menika alas Babrikan lan alas Ngrata. Mbah Irajaya babat alas menika ancasipun supados wonten ingkang manggen wonten ing tlatah menika. Dibabat resik lajeng alas Babrikan lan alas Ngrata dipun dadosaken daerah setunggal ingkang kaparingan nama Desa Ngradin. “Ngra” menika saking nama alas Ngrata kang dipundhut saking wanda kapisan lan nama “Din” menika kapundhut saking alas Babrikan.
            Saking cariyos Angkling Darma menika rakyat Bojonegoro wonten mithosipun. Inggih menika sinten ingkang meranaken Prabu Angkling Darma menawi kadadosaken drama utawa lakon kethoprak saget kena musibah. Pramila tiyang Bojonegoro boten wantun ngawontenaken drama utawa ketoprak ingkang paring lakon Angkling darma. Nanging ing jaman samenika kathah tiyang ingkang boten percaya mithos kang sampun wisuwur ing tlatah Bojonegoro menika.
            Wonten malih Mithos kang wonten ing Desa Ngradin, inggih menika yen wonten ingkang tilar donya tangga-tangga boten angsal damel sayur menir. Sayur menir menika bahanipun saking godhong bayem, godhong kemangi, godhong katuk, lan jagung. Limprahipun dipunsukakaken bayi ingkang seger-segere madhang. Sebabipun kula boten mangertosi, ananging aturan menika sampun dados tradisi ing masyarakat Desa Ngradin.sumber : http://insancendekiajawa.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar