Sabtu, 10 Januari 2015



Serat Rangsang Tuban
Serat Rangsang Tuban menika nyariosaken pangeran kalih ing Nagari Tuban, kang sinebat Sang Pangeran Warih Kusuma sarta Sang Pangeran Adipati Anom. Pangeran kakalih menika putranipun Prabu Sindupati ing nagari tuban ingkjang jumeneng Natabinatara.
Kratonipun ageng sanget, Sang Prabu asmanipun misuwur angabekti jagad, para ratu sami suyud samawita boten kalayan kagebag ing perang, anggepipun sami ambaṭara. Sang Prabu nengenaken kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah kasampurnaning kawruh perang, aji jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, sami teguh timbul, boten wonten ingkang teḍas tapak paluning panḍé sisaning gurinda, limpad ing wiwéka sugih gelar paningkeping satru sekti boten kanyanan ing mengsah, sumerepipun sampun kasèp kalebet ing byuhakalawerit, angèl wenganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kaweganing pasang gelar wau: adamel mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawengku ing jajahanipun Nagari Tuban.
Sang Prabu anggadhahi garwa sangang dasa sanga nanging namung anggadhahi putra kalih inggih menika kasebat ing nginggil menika. Putra kalih sami kakung ingkang sepuh miyos saking garwa pangrembe turasing Panḍita, kaparingan nama Raden Warih Kusuma, ingkang anem miyos saking garwa padmi putraning ratu, kaparingan nama Raden Warsa Kusuma. Kakalihipun saged sami rukun saduluran ingkang sepuh saged ngrangkul ingkang enem, kang enem saged ngurmati ingkang sepuh. Sang Prabu remen sanget amargi kakalihipun saged sami rukun, nanging ing yuswa antawis warsa kaping 50 dumugi warsa kaping 75 Sang prabu gerah. Sang Nata karaos badhe puput yuswanipun, putra kakalih mênika sami atur pangandikan bilih Sang rama katingal netyanipun sampun asawang kunarpa. Sang Rama ngendika kanthi lirih-lirih ”kulup sakarone gerah Ingsun kaya wus ora waluya dening husada, Ingsun bakal kumeka ing pati, sira sakarone dibecik sapungkure ingsun.
Putra kakalih menika tansah sami tatangisan. Lajeng Sang Prabu nutup netyanipun, tetangisan banjur kaprungu wonten sedaya pura, Sang Prameswari nun inggih garwa kapisanipun Sang Prabu sarta para garwa sanese karaos sedhih penggalihipun katingal padha jejeritan, tetangisan, karaos ajur ing tyas. Ingkang anggantosipun Sang Prabu inggih menika Warsa Kusuma rayinipun Warih Kusuma. Kacariyos Sang Pangeran Warih Kusuma dereng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur kaleresan ḍerekipun naksanak piyambak saking bibi, kala samanten dereng diwasa, sapunika sampun neḍeng birahi, karsanipun Sang Pangeran baḍe nglamar ḍateng ingredi, pamit ḍateng ingkang rayi Sang Prabu, nyariyosaken karsanipun wau punika, awit boten namung wajibipun ingagesang mawa krama, ingkang langkung perlu angestokaken piwelinging kaki Sang Panḍita ingkang sampun murud ḍateng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning lare kaliyan Enḍang Wresti sutaning umbul mudal, patutan saking Endang saḍereking bibi. Sang Prabu sareng miḍanget yen ingkang raka baḍe palakrama saka langkung pirena ing panggalih, lajeng aḍaḍawuh karsa ngateraken piyambak ing tindakipun ingkang raka Sang Pangeran, nyusulEnḍang Wresti ḍateng ingredi, tiyang sapraja oter sami tata-tata.sumber :http://insancendekiajawa.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar