Sabtu, 10 Januari 2015

 

Pengertian Tembung Camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang dijejerake, sabanjure mung nduweni teges siji.
Tembung camboran diperang dadi loro (2) yaiku:
- Camboran Wutuh
- Camboran Tugel

Pengertian camboran wutuh yaiku tembung loro dijejer kang nduweni teges siji (wutuh) tegese ora kelong
Tuladha:
- Ajur ajer tegese luwes
- Edi peni tegese endah, apik banget
- Tindak tanduk tegese sesolahe
- Lara lapa tegese rekasa
- Bau suku tegese tenaga
- Bulu bekti tegese pisungsung
- Ngelu mules tegese lara

Tuladha Camboran wutuh liyane kayata:
* Jaler estri
* Bapa biyung
* Endhek dhuwur
* Enom tuwa
* Gedhe cilik
* Suralaya
* Janaloka
* Pancasila

B. Tembung Camboran Tugel yaiku tembung loro didadekna siji nanging mung dijupuk saperangan wae:
Tuladha:
- Abang ijo dadi bangjo
- Idu abang dadi dubang
- Cendhek dhuwur dadi dhekwur
- Siji loro dadi jiro
- Bathuk klimis dadi thukmis, lsp

sumber : http://vinputvan.mywapblog.com
 

Tuladha cangkriman lan tegese


Cangkriman yaiku rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibethek maksudte. Adhedhasar dhapukan, surasa, lan wujudte, cangkriman bisa kabedak-bedakake kaya ing ngisor iki :
a. cangkiraman kang awujud tembung wancahan
b. cangkiraman kang ngemu surasa pepindhan utawa irib-iriban
c. cangkiraman kang ngemu surasa blenderan
d. cangkiraman sinawung ing tembang

Ing ngisor iki tuladhane.
a. Cangkiraman kang awujud tembung wancahan
Cangkriman
Tegese
  1. burnas kopen
  2. buta buri
  3. gamoh thuwet
  4. gerbong tulis
  5. gowang pelot
  6. itik pertis, ibo perbeng
  7. karla dheren
  8. kicak ketan
  9. lesmba dhonge karwa pete
  10. inggok sunder
  11. manuk biru
  12. pakbomba, paklawa, pakpiut
  13. pakboletus
  14. pindhang kileng
  15. rangsinyu, muksitu
  16. segara beldhes
  17. semplakwati
  18. tulus kerda
  19. tuwok rawan
  20. wit thoyung
  21. lan liya-liyane..
  1. bubur panas kokpen
  2. tebu ditata mlebu lori
  3. paga amoh, munthu awet
  4. pager kobong, watune mendhelis
  5. jagone ana ing lawang, cempene mencolot
  6. tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng
  7. mbakar tela sumendhe keren
  8. kaki macak ing suketan
  9. tale amba goshonge cikar dawa tipete (tilase)
  10. maling menggok, asu nyander
  11. pamane punuk, bibine kuru
  12. tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut
  13. tapak kebo lelene satus
  14. sapi mbandhang, kaki mentheleng
  15. jurang isi banyu, gumuk isi watu
  16. segane pera sambele pedhes
  17. asem dhamplak disawati
  18. watu alas disengker walanda
  19. untuk krowok larane ora karu-karuan
  20. yen dijiwit atho biyung
  21. .....
b. Cangkiraman kang ngemu surasa pepindhan utawa irib-iriban
Cangkriman
Tegese
  1. anake clurutan, mbokne prak-prakan
  2. bosok malah enak
  3. dicakot pucuke, sing kalong bongkote
  4. dijupuki malah dadi mundhak gedhe
  5. mboke dilus-elus anake diidak-idak
  6. emboke wuda anake tapihan
  7. gajah nguntal sangkrah
  8. kayu mati ginuber ula mati
  9. maling papat oyak-oyakan
  10. ora dagang ora layar, sandhangane murub mubyar
  11. Pak Demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk
  12. pitik walik saba kebon
  13. sawah rong kedhok, galengane sithok
  14. sega sakepel dirubung tinggi
  15. tibane ngisor, digoleki ndhuwur
  16. wit adhikih woh adhakah
  17. wit adhakah woh adhikih
  18. lan liya-liyane
  1. piranti nenun
  2. tape
  3. udud, rokok
  4. jugangan
  5. andha
  6. pring, bung
  7. luweng
  8. gangsingan
  9. ingane wong ngulur lawe
  10. kunang-kunang
  11. jantung kembang gedhang
  12. nanas
  13. godhong gedhang
  14. salak
  15. gendheng trocoh
  16. semangka
  17. waringin
  18. .........
c. Cangkiraman kang ngemu surasa blenderan
  1. Hara sapa sing gelem ngukur meja dak opahi saringgit.
  2. Jo, sesuk menyang kutha, jare bakale Cina arep digantungi.
  3. Kowe ngandel apa ora, manawa ing pasar malem ana banyu pait, yen tetes legi.
  4. Kowe apa ora tilik Pak Drana, dheweke wis anguk-anguk lubur.
  5. Lagi tumon iki aku, ana uceng-uceng neng banyu urip.
  6. Wah, Sarijo wis wiwit kluruk.
  7. Wah, wingi pasar ana geger-gegeran, wong adol pitik padha disrimpungi, wong adol krambil dikepruki, wong adol tempe diwudani, wong adol mbako diambungi.
  8. We lha, ora idhep isin, cah gedhe kok ngguyu tuwa. Ngguyu tuwa ateges nangis.
  9. Wingi aku sowan Pak Guru mung disuguh anggur, bareng sowan Pak Mantri disuguh anggur cap jenggot.
  10. Wong wudunen iku sugih pari, karepe paringisan.
d. Cangkiraman sinawung ing tembang
1. Pocung
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
sangkane ing sabrang
ngon angone sang Bupati
yen lumampah si pocung lambeyan gena

2. Asmaradana
Sang dyah sukune mung siji
atenggak datanpa sirah
ciri bengkah pranajane
tinalenan jangganira
sinendhal ngasta kiwa
ngaru ara denya muwus
sarwi kekejek kekitrang

3. Kinanthi
Wujud ngong lir Kresna Prabu
bangsa sato kadya peksi
sasana nunggil manungsa
pamboga maduning sari
suwara anglir raseksa
darbe curiga ing medi

4. Mijil
Wisma ingkang kinarya upami
pelog mawi gedhong
kang angenggem mung gangsal kathahe
bangsa rucah prabeda ing jinis
yen sajuga mijil
kang catur lan kantun

sumber : http://javaneseart-culture.blogspot.com

BAB SAJEN
Kenging menapa wonten tata adat jawi, moten pisah kaliyan sajen. Kados dene tiyang kagungan damel mantu, damel Griya, badhe methik pantun (wiwit), wayangan, grebegan, memule tiyang tilar doya, lan sanes-sanesipun
Lajeng punapa kersanipun punapa lan werdinipun napa?
Manut ingkang kula tampi, saking para pini sepuh; bilih SAJEN, satunggaling srana kagem nyenyuwun wonten ngarsaning Pangeran. Nanging awit kabekta saking kapitadosanipun tiyang Jawi kaliyan ingkang ngreksa utawi tengga papan mriku, utawi kang mbaureksa papan mriku.
Pancen yen ngemuti gesang kula sedaya sejatosipun pancen wonten sesambetanipun antawisipun Kula, lan Alam sarta Allah. Tumusipun tiyang lajeng pados reka-reka utawi srana ingkang dipun wujudaken utawi dipun sebat SAJEN punika.
Mila gotheking tiyang kathah sajen satunggaling srana sesambetan kaliyan dzat Pangeran ingkang boten kasat netra. Dene tembungipun sanes kangge srana nyuwun tulung dumateng ingkang ngreksa papan mriku murih sami purun tumut rerencang, lan boten ngganggu damel.
Kenging punapa sajen-sajen punika kadamel maneka warni?
Saking pemanggih kula amargi tiyang dereng ngertos punapa ingkang dados keremanan ingkang dipun sajeni utawi njagi papan wau. Mila lajeng jangekepipun “tindhihipun” utawi “wajib” wujudipun arta, mila lajeng wonten kang sesaji tembungipun “ Yen ana kurange tukua ana pasar gedhe”
Mila saking punika SAJEN-SAJEN kadamel wonten sambetipun kaliyan kabetahan, Conto tiyang kagungan kersa mantu: wonten Sajen Tarub, sajen Siraman penganten, lan kados upacara adat sanesipun kados ingkang kula aturken ngajeng
Sambet kaliyan ingkang kula aturaken kados-kados sajen-sajen ingkang maneka warni, temtu mengku werdi. Lajeng punapa werdinipun sumangga samangke sami dipun padosi lan dipun onceki, werdinipun
Wujuding Sajen antawisipun :
a.Tumpeng, wijudipun kados gunung
b.Sekul / sega
c.Jenang,
d.Jajan Pasar
e.Dhaharan,
f.Tetuwuhan, Woh-wohan lan Ron-ronan
g.Ingon-ingon ( urip-urip )
1. Wujud Tumpeng lan werdinipun ;
1) Tumpeng Robyong: tumpeng ingkang rinengga: gudhangan, conto kancang panjang, wortel, kobis, So, bayem, bumbunipun anyep-anyepan, ugi lawuh kados; tempe goreng, ayam goring, iwak asin, pucuk ing tumpeng dipun sunduki sada tigan ayam kulitan, trasi, brambang, lan lombok abrit, Punika dipun racik wonten cething saking bambu, anggenipun nata acak-acakan. Margi saking anggenipun nata acak-acakan utawi boten kanten-kantenan, katingal pating besasik. Mengku werdinipun : satunggaling pemut bilih ing tembe gesang kula panjenengan boten waspada, badhe ketaman sak warnining reribet, kados pepindhan kurdaning gunung ingkang ngedalaken latu lan lahar ingkang lajeng damel sakiwa tenganipun mosak-masik, amargi katrajang lahar, Mila panataning gudangan lan lawuh boten kanten-kantenan, dene pucuk wonten trasi, lambing lendhut, tigan, lambang sela-sela, nanging yen tiang pinter pranyata punika dados wiji, bakalan ingkang mupangati, awit saged dados srana damel bangun lan sapiturutipun, Lombok abrit lambang latu yen gunung kurda tentu ngedalaken latu Nanging yen dipun pratitisaken gesang kula kedah murup. Liripun sampun ngantos kados reca tanpa ginua.
2).Tumpeng Gundhul: wujud polos pethak, dene lawuhipun goring-gorengan: peyek teri, peyek gereh ( iwak asin: pethek), peyek kancang peyek tholo.
Dene werdinipun: satunggaling lambang kagem pemut dumadinipun tiyang lahir ingkang polos, lugu, prasaja, inggih bab raos, lahir lan batin, ugi manah utawi pikiran tasih suci / sae.
3). Tumpeng Pungkur; ujudipun kados tumpeng rombyong, nanging dipun palih, dene panatanipun sami ungkur-ungkuran. Umumipun kagem sajen memule para-para ingkang sampun suwargi
4). Tumpeng Megono : lawuhipun wonten 7 warni, inggih punika: kangkung, kacang gleyong, mbayung, kobis, wortel, boncis, lan thokolan.
5). Tumpeng panca warna, lan taksih kathah malih sebatan tumpeng wao
2. Ketan Kolak, lan apem. Ingkang sampun nate sami kula rembag. Wonten kolak kencana, kadamel saking pisang emas
3 Jenang-jenangan; maneka warni kados antawisipun :
1) jenang pager ayu (jenang abang diubengi jenang putih)
2). jenang abang,
3) jenang putih
4) jenang abang diparingi pupuk jenang Putih,,
5) jenang baro-baro, (jenang abang nginggilipun dipyur-pyuri parutan klapa lan dipun sukani irisan gendis jawi)
6) jenang palang,
7) jenang separo abang-putih
3. Dhaharan Asrep-asrepan. klebet sekul, gudhangan sak bumbunipun , sambel gepeng (dele pethak dipun deplok lan gereh pethek), endhog godhog,
4. Kang wujud Sega antawisipun :
1) Sega Gurih utawi sega Wuduk, lawuhipun: sambel pecel, sambel pencok, timun, kemangi, krecek, ketan kolak
2) Sega Liwet, lawuhipun srundeng
3) Sega kebuli : uwos dipun masak kanthi bumbu gule, dipun paringi endhog godhog ingkang dipun goreng,.brambang utuh digoreng, lan jerohan ayam
4). Sega kuning:, lawuhipun endhog dadar, bregedel, abon, kacang goring, dhele cemeng
5) Sega Golong: sekul kadamel bunder, cacah 2
6) Sega Golong Lulut: sekul kadamel bunder nginggil dipun sukani utawi dipun tutup endhog dadar
5.Sanggan: ujudipun wonten: Pisang raja setangkep, dipun rengga lawe wenang (dipun ubengaken ing pisang wau), kinang (suruh, gambir, injet, sata) lan kembang talon (Kanthil, kenanga,Mlathi), abon-abon,
6. Jajan Pasar, ujudipun: maneka warni woh-wohan, nanas, sawo, jambu, pelem, jeruk lsp, pala kependhem, pala kesimpar, pisang raja, raja pulut, makanan tradisional, empluk dipun isi uwos lan tigan, jlupak kagem dilah.
7.Bucalan: kadamel wonten ancak; isinipun; irisan jenurk pecel, rujak, tumpeng alit-alit warni abrit, pethak, ijem, jene, cemeng, endhog mentah, srutu, kembang talon, arto receh (logam) jenang baro-baro, biji-bijian, gecok mentah ( daging mentah dipun sukani santen)
8.Sangga Buwana: sekul dipun tutupi intip mengkurep
Mekaten antawisipun sajen-sajen ingkang kula ngertosi, pramila kula sumanggakaken katur para sutresna, kersa paring panyaruwe, lan paring ambahan
Conto : SAJEN PASANG TARUB
2 ambengan sekul lulut ( sekul pulen)
2.ambengan sekul wuduk ( sekul gurih )
6 ambengan sekul asahan salawuhipun
jajan pasar sapepakipun,
jenang-jenangan
pisang ayu, lan suruh ayu
Ingkung ayam
IV.SAJEN SIRAMAN
1.Tumpeng Robyong
2.Tumpeng Gundhul
3.Jajan Pasar sak pepakipun
4.jenang-jenangan
5.pisang ayu, lan suruh ayu
6.Jenang-jenangan maneka warni
7.dilah,utawi sentir
8.Sekar Sritaman ( Mlathi, kenanga lan mawar )
9.urip-urip ( ayam jagoan )
V.SAJEN NGERIK MANTEN Sami sajen Siraman,
VI.MIDODARENI
1. sega gurih komplit lawuhipun: sambel pecel. Sambel pecok, krecek lan lalaban
2. ingkung ayam
3. sentir saking jlupak
sumber : http://suwardanijaya.wordpress.com
 “parikan” kiranya seperti pantun dalan bahasa Indoneisa
agar lebih menarik sebaiknya diserta dengan lagu/nyanyian seperti
Lagune suwe ora jamu
1. suwe ora jamu, jamu godhong meniran
suwe ora ketemu, temu pisan nang parikan
2. jare nyayur kangkung, kok katutan eri
padha melu bingung, berita isine dha korupsi
3, tapi tela kecut, tetese gula legi
aja seneng mrengut , ndak tinggal rabi
4. Ireng-ireng kembang knikir, digudang karo klapa
seneng melu mikir, jebul malah rekasa
5.Bubur apa bakmi, tau apa tempe
becik dha silaturahmi, luhur yen ditindake
6. pancen tape tela nyata rasane llegi
nadyan wis dha tuwa, ning tambah ngangeni
7. Duwe rambut dawa, eman ra jungkati
pancen dadi randha, susahe yen wanci bengi
8. Mangan peyek aja dithithili
seneng ngenyek, marga nresnani
jare jambu usune telu
mesem ngguyu marga ketemu
9. udan-udan suwek payunge
esuk-esuk kok mangan tape
bareng dandan katon ayune
ngesuk-esuk kok karo bapakne
10 Kaya klapa mudha, seger nggo rujakan
aja padha duka, parikanku ung gojegan

sumber : http://suwardanijaya.wordpress.com

TEDHAK SITEN


Slametan “Tedhak Siten” utawi upacara “Tedhak Siten” satuggaling warisan budaya tetilaranipun para pini sepuh, ingkang mengku werdi ingkang luhur, liripun kabudayan punika badhe dados lambang gesangipun lare ing tembe wikingipun.
Dene Tedhak Siten punika dipun adani nalika lare sampun ndhungkap umur 7 wulan utawi pitung lapan. Dados lare sampun wiwit brangkangan, lan rambatan
Dene slametanipun lan uba rampenipun inggih punika:
1. Sekul megana ( apa-apa wis ana) , utawi sega gudhangan
2. Jadah 7 warni ( abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon lan wungu )
3. toya kembang setaman
4. pasir utawi wedi
5. andha tebu arjuna (wulung )
6. teken tebu arjuna, lan pisang raja sarta ingkung
7. bokor isi uwos jene sarta arta ( sen, kelip, talen, rupiyah, ringgit,
8. raja brana / raja keputren
9. kurungan,
10. sawarnaning dolan lare, boten kantun kertas lan pontelot
Reroncening adicara
1. Lare dipun tetah Rama ibunipun, wiwit ngidak pasir ( siti ) lajeng ngidak jadah ingkang maneka warni wau. Mligi ramanipun nalika nettah kaliyan nyepengi teken tebu arjuna.
Dene werdinipun lare ngidak-idak pasir ( siti) satunggaling lambang bilih lare badhe miwiwiti gesang ing jagading lare, iingkang ngidak-idak jadah, lambing bilih gesanging lare badhe kalepetan kenging pengaruh saking dayaning kawontenan ingkang maneka warnining kados prlampitaning jadah ingkang dipun damel maneka warni punika.
Tiyang sepuh ngasta teken tebu arjuna, dados gambaran utawi lambing bilih jejering tiyang sepuh, ingkang dumugi tumusing manah murih saget dados tekening lare, murih saget katekan kajengipun
2. Salajengipun lare dipun penekaken andha tebu arjuna, werdinipun “menek tebu” punika dados gambaran bilih gesangipun lare boten nilar trap-trapaning gesang, utawi nglangkungi gesang ingkang tambah inggil
3. Salajengipun dipun linggihaken klasa pasir dipun lebetaken kurungan, ingkang ugi dipun cepaki maneka warni dolanan, lan boten kantun potelot lan buku,
Dene kurungan utawi griya, werdinipun murih lare badhe gesang masarakat ingkang maneka warni kawontenanipun. Dolanan ingkang maneka warni punika. Werdinipun gambar satunggaling pepinginan llare, mila pangajabipun tiyang sepuh ing benjang sageda wicaksana.
Dene dolanan ingkang maneka warni ingkang dipun pilih lare, liripun dados gambaran gesang lare ing tembe wiking .Mila upami lare mangke mendhet potlot werdinipun lare ing tembe badhe dados juru tulis/ carik lsp
5. Salajengipun lare dipun sirami toya kembang setaman. Werdinipun reresik, ingkang mengku pangajab dados tiyang ingkang bebudenioun resik sarta saget ngambar arum
7. Sarta dipun dandosi sabuk wala busana adapt lare. Werdinipun murih lare iung tembe tansah emut tata adat Jawi, utawi dados tiyang Jawi
9. Salajengipun dipun dalaken saking kurungunan , rama-ibunipun kanthi ngasta bokor ingkang isi arta lan wos jene, ingkang dipun wur-wuraken utawi dipun sebar kanthi mungel “kur… kur… kur ( kados yen babon ngudang kuthukipun) lare kanthi brangkangan badhe mendet ingkang ingkang dipun remeni.sakang dipun sebar punika. Mengku werdi kados ing ing nginggil, upami mendet arta antawisipun sen, dumugi ringgit dados lambing tataraning gesang ing tembe wiking
sumber : http://suwardanijaya.wordpress.com

Upacara Tumplak Punjen

Werdining Upacara Tumplak Punjen
Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
  1. Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
  2. Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
  3. Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
  4. Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
  5. Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa
Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.
Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.
  1. Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
  2. Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
  3. Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun
Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto  dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling:
  1. NGLUHURNA MRING AllAHIRA
  2. NGLUHURNA WONG TUWANIRA
  3. AJA LALI MARANG SEDULURIRA
  4. TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
  5. JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)
Ubarampe Upacara:
Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun
Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
  1. ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
  2. ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken
Tata upacaranipun Tumplak Punjen

Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Dene urutanipun inggih punika:
  1. para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
  2. yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
  3. salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun  dipun sametakaken
  4. kantun piyambah, maringaken anggi-anggi  kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
  5. salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.

sumber : http://suwardanijaya.wordpress.com
 MITONI
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.




 tata cara


Ma­sa­ra­kat Ja­wa tan­sah ora uwal sa­ka ta­ta­ca­ra adat tra­dhi­si. Apa ma­neh kang ge­ga­yut­an ka­ro sang­kan pa­ra­ning ma­nung­sa. Wi­wit ma­nung­sa ana nje­ro kan­dhu­tan ngan­ti ma­nung­sa su­rut ing ka­se­ban ja­ti, tan­sah di­iring kan­thi adat tra­dhi­si kang di­ge­lar ing wa­yah tar­tam­tu.
De­ne ta­ta­ca­ra lan upa­ca­ra tra­dhi­si kang di­ge­lar na­li­ka sa­wi­ji­ning wa­ni­ta la­gi ngan­dhut du­we pa­nga­jab su­pa­ya ibu lan anak utawa wiji dadi kang di­kan­dhut tan­sah wi­lu­jeng nir sam­bi­ka­la. Pa­nga­jab li­ya­ne, ba­yi kang di­lai­ra­ke mbe­su­ke bi­sa an­tuk ka­beg­jan uri­pe.
Ma­ne­ka ta­ta­ca­ra di­la­ko­ni na­li­ka kan­dhu­tan wi­wit umur te­lung sa­si ana wi­lu­je­ngan ut­awa se­la­me­tan ni­gang wu­la­ni, pe­tang sa­si, li­mang sa­si, enem sa­si, pi­tung sa­si kang di­se­but mi­to­ni, sar­ta sang­ang sa­si kang di­se­but pro­cot­an.
Mi­tu­rut Pra­se­tyo Adi Wis­nu Wi­bo­wo, dho­sen Sas­tra Dae­rah FSSR UNS So­lo, kang­go nja­ga su­pa­ya ja­bang ba­yi bi­sa sla­met na­li­ka ing kan­dhu­tan ngan­ti wan­ci­ne lair, wong Ja­wa nglek­sa­na­ka­ke ma­ne­ka war­na wi­lu­je­ngan. Ma­ne­ka upa­ca­ra tra­dhi­si lum­rah di­la­ko­ni jro­ning cak­ra mang­gi­ling­an uripe ma­nung­sa Ja­wa na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut wi­wit umur kan­dhu­tan se­sa­si ngan­ti sang­ang sa­si.
“De­ne na­li­ka umur kan­dhu­tan wus ngan­cik pi­tung sa­si, di­ada­ni upa­ca­ra sla­me­tan kang di­se­but mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban. Mi­to­ni iki di­la­ko­ni de­ning wong Ja­wa mli­gi­ne na­li­ka wa­ni­ta la­gi ngan­dhut kang ka­pis­an ut­awa mbo­bot tem­be­an,” ujare Pra­se­tyo, ing an­dhar­ane jro­ning sa­wi­ji­ning pi­rem­bu­gan ing FSSR, sa­we­ta­ra wek­tu ka­pung­kur.
Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa wi­lu­je­ngan pi­tung wu­lan­an iki lum­ra­he ngang­go uba­ram­pe kang di­se­dhi­ya­ni de­ning ku­la­war­ga wa­ni­ta kang nem­be ngan­dhut. Uba­ram­pe sla­me­tan nglim­pu­ti se­kul ja­ngan­an, je­nang ab­rit, je­nang ba­ro-ba­ro, ja­jan pa­sar lan sri­yat­an kang gi­na­we sa­ka wi­jen, dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis. Sa­li­ya­ne iku uga ceng­ka­ruk tim­bal, pe­nyon, pring sa­dha­pur lan tum­peng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing, di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog god­hog, ge­reh, kru­puk. Uba­ram­pe li­ya­ne awu­jud ja­ngan­an men­tah ka­ya­ta lom­bok, te­rong, ja­ngan­an lan sa­we­ta­ra ji­nis kem­bang-kem­bang­an. Tum­peng ja­ngan­an di­ga­we ca­cah pi­tu di­jang­ke­pi pi­tung iji apem con­thong.
Jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni iku uga ana ta­ta­ca­ra gan­tos pe­ngang­gen ngan­tos ka­ping pi­tu kang sa­ban­ju­re di­se­but ting­ke­ban. Nut Se­rat Ta­ta­ca­ra ang­git­ane Ki Pad­ma­su­sas­tra, upa­ca­ra ting­ke­ban iki di­lek­sa­na­ka­ke na­li­ka tang­gal gan­jil tan­pa ngli­wa­ti pur­na­ma (sa­du­ru­nge tang­gal 15, upam­ane tang­gal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa ting­ke­ban di­ada­ni ja­lar­an nu­rut ka­pre­ca­ya­ne wong Ja­wa, ba­yi ing kan­dhu­tan na­li­ka umur pi­tung wu­lan wis di­pa­ringi nya­wa de­ning Pa­nge­ran. De­ne ri­tu­al ba­ku jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni ya­ku­wi si­ram­an lan gan­ti bu­sa­na ngan­ti ka­ping pi­tu,” ujare Pra­se­tyo. 

tata cara siraman

Ta­ta car­ane si­ram­an, ing pa­pan kang wus di­tem­to­ka­ke di­ce­pa­ka­ke jem­bang­an wa­dhah ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an. Ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an ku­wi di­ang­go si­ram­an wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut.
Upa­ca­ra si­ram­an dhe­we di­lek­sa­na­ka­ke wan­ci jam 11.00 WIB amar­ga di­pra­ca­ya pa­ra hap­sa­ri uga tu­mu­run sa­ka ka­yang­an sap­re­lu arep adus. De­ne kang mim­pin si­ram­an ya­ku­wi dhu­kun, de­ne kang nyi­ram wa­ni­ta kang ngan­dhut yai­ku pa­ra pi­ni­se­puh put­ri kang ca­ca­he pi­tu ut­awa sang­ang wong. Cid­huk ba­nyu kang di­ang­go ku­du sa­ka ba­thok ut­awa si­wur.
“Sa­du­ru­nge si­ram­an, wa­ni­ta kang ngan­dhut di­lu­lur lu­wih dhi­sik ngang­go gle­pung be­ras man­ca­war­na di­cam­pur ma­ngir, pan­dhan wa­ngi kang wus di­ra­jang lem­but lan god­hong ke­mu­ning kang wus di­pi­pis. Nang­ing uga ana sum­ber li­ya kang nye­bu­ta­ke pi­ran­ti kang di­gu­na­ka­ke ngre­si­ki ca­ca­he pi­tung ru­pa ya­ku­wi we­dhak agal, se­dheng lan lem­but, ma­ngir, sin­dhu, lu­lur lan asem,” ja­re­ne Pra­se­tyo.
Pa­pan kang­go lung­gu­he wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku aru­pa dhing­klik ci­lik kang di­lam­bari god­hong apa-apa, sa­li­ya­ne itu uga god­hong klu­wih, ka­ra, ma­ja, dha­dhap se­rep, alang-alang, kla­sa men­dhong, dhing­klik uga di­lam­bari ka­in war­na-war­na, con­to­ne sin­dur, ja­rit kan­thi mo­tif yu­yu se­kan­dhang.
Pa­dus­an kak­ro­bong ut­awa di­tu­tup ngang­go ka­in ja­rit mo­tif rang­ra­ngan ut­awa cin­dhe. Pa­dus­an iki ana ing la­tar si­sih ki­wa ut­awa te­ngen omah kan­thi la­wang nga­dhep nget­an. Kro­bong di­ri­as ngang­go tu­wuh­an jang­kep aru­pa pi­sang, te­bu lan ceng­kir ga­dhing.
Ing Se­rat Ta­ta­ca­ra ang­git­ane Ki Pad­ma­su­sas­tra ka­se­bu­ta­ke, ram­pung si­ram­an ban­jur gan­ti ka­in pa­sat­an lan di­ube­di let­rek ut­awa ka­in ja­rit kang log­ro sar­ta di­ang­go­ni sa­buk sa­ka god­hong te­bu tu­lak. Sa­ka nje­ro let­rek ku­wi pi­ni­se­puh ngle­bok­a­ke tro­pong ing nje­ro ja­rit lan nyeb­lok­ake. Sa­ban­ju­re sa­buk mau di­po­tong ngang­go ke­ris. Sa­wu­se ped­hot, bo­jo­ne wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku dia­kon lunga tan­pa pa­mit. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi ibu Mara­tu­wa mban­ting en­dhog pi­tik men­tah lan ba­pa­ke me­cah ceng­kir ga­dhing kang wus di­gam­bari Ka­ma­ja­ya-Ka­ma­ra­tih, Ja­na­ka-Su­ba­dra, ut­awa Pan­ji lan Can­dra Ki­ra­na, ban­jur di­si­gar da­di lo­ro. Na­li­ka me­cah ceng­kir di­re­wa­ngi ba­pak kan­dhu­nge wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut ku­wi.
Wa­ni­ta kang ngan­dhut ban­jur di­iring mle­bu omah lan nga­deg ing nga­rep pe­ta­nen. Ing pa­pan ku­wi wus di­ce­pa­ka­ke sin­jang lan kem­ben ca­cah pi­tu. Sa­te­ru­se pa­ra pi­ni­se­puh ngang­go­ka­ke ja­rit iku mba­ka si­ji. Ram­pung ngang­go si­ji ban­jur di­ucu­li, ban­jur di­ang­go­ka­ke ma­neh li­ya­ne. Ngo­no te­rus ngan­ti ka­ping enem lan pa­ra pi­ni­se­puh mes­thi ngo­mong du­rung pa­tut. Kang pung­kas­an, pa­ra pi­ni­se­puh ngang­go­ka­ke ja­rik trun­tum kem­ben mo­tif ba­ngo­tu­lak. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi, pa­ra pi­ni­se­puh pa­dha ngo­mong wis pa­tut.
“Wa­yah weng­ine uga di­ba­bar wa­yang­an kan­thi la­kon ke­la­ir­an, con­to­ne Ga­thut­ka­ca lair. Sing du­we omah nye­dhi­ya­ni pa­su­gat­an kang­go dha­lang lan ni­ya­ga. Kang­go dha­lang di­we­ne­hi ram­pa­dan ka­ping pin­dho, aru­pa se­kul am­beng, 10 pi­ring iwak lan 10 pi­ring pa­ngan­an,” tan­dhe­se Pra­se­tyo.


sumber : http://kafabihi07.blogspot.com

ANDHE-ANDHE LUMUT


Andhé Andhé Lumut yaiku cerita rakyat saka Jawa. Cerita iki dikenal ing pirang-pirang vèrsi. Vèrsi sing akeh dikenal yaiku versi dadi sijiné Krajan Jenggala lan Krajan Kediri. Nalika semana ing Jawa Wetan ana loro krajan sing kembar, yaiku krajan Jenggala sing dipimpin déning Raja Jayengnegara lan Krajan Kediri sing dipimpin dening Raja Jayengrana. Miturut carita, biyèn keraton loro kuwi mapan ing sadhaerah kang diaraniKahuripan. Kaya pesené Airlangga sadurungé séda, rong kraton kuwi kudu didadékaké siji lumantar jejodhohan antarané rong krajan supaya ora ana paprangan antarané rong krajan kuwi. Pungkasané Panji Asmarabangun (anaké Jayengnegara) didhaupake karo Sekartaji (anaké Jayengrana).
Ing sawijining dina, Krajan Jenggala diserang dening krajan mungsuh. Nalika paprangan, putri déwi Sekartaji mlayu lan ndhelik ana ing désa sing adoh saka Jenggala. Kanggo kaslametané dhéwéké nyamar dadi wong désa lan ngabdi marang randha sugih sing jenengé Nyai Intan. Nyai Intan duwé anak prawan 3 sing kemayu kabèh, yaiku Klething Abang, Klething Ijo, lan Klething Biru. Dewi Sekartaji banjur dijenengi Klething Kuning dening Nyai Intan. Ing omahé Nyai Intan, Klething Kuning dikongkon resik-resik omah, umbah-umbah, lan liya-liyané. Dheweké kerep diseneni dening Nyai Intan lan dibeda-bedakaké karo sedulur-sedulur liyané. Dheweké uga diwenehi mangan sedina sepisan.
Sawetara iku, ing Jenggala, Panji Asmarabangun sakwadyabalané bisa ngalahaké mungsuh. Nanging panjenengané tansah duka amarga bojoné ilang ora ngerti parané. Sakwisé kahanan Jenggala aman, Panji Asmarabangun banjur goleki bojoné. Nanging sakdurunge dheweke mrentah wadyabalané supaya nggoleki lungané Dewi Sekartaji. Panjenengané oleh laporan menawa ing salah sawijining kampung ana prawan kampung sing mbabu ing omahé randha sugih. Keprungu laporan kuwi, Pangeran banjur nyamar dadi pangeran sing lagi golek bojo. Esuké, panjenengané banjur mangkat karo wadyabalané menyang desa Dadapan, desa sing mung keletan kali Bengawan Solo karo desa sing dipanggoni dening Dewi Sekartaji. Ing desa kono, Panji Asmarabangun nyamar dadi Andhé Andhé Lumut lan manggon ana ing omahé mbok randha. Ngesuké, panjenengané mrentah supaya ngumumaké yen panjenengané arep nganakaké sayembara golek permaisuri. Pawarta kuwi langsung tekan ing omahé Nyai Intan, Klething AbangIjo, lan Biru bungah banget, dheweké arep dandan sak ayu-ayuné kanggo teka ing sayembara kuwi.
Klething Kuning ora melu sayembara amarga dheweké isih setya marang Panji Asmarabangun, sanajan dheweké ora ngerti bojoné isih urip apa wis mati ing paprangan. Nalika dheweké umbah-umbah, ujug-ujug ana manuk Kuntul (Bangau) sing bisa ngomong, Kuntul kuwi ngomong supaya Klething Kuning mara menyang desa Dadapan amarga ing kana ana bojoné Panji Asmarabangun. Durung nganti Klething kuning ngomong, Kuntul mau wis mabur maneh. Ora mikir suwe, Klething Kuning banjur bali menyang omah siap-siap lan mangkat menyang Dadapan. Sauntara iku, ibuné lan sedulur-seduluré wis tekan pinggir kali Bengawan Solo. Ana ing pinggir kali Nyai Intan lan anak-anaké bingung amarga ora ana prau kanggo nyebrang kali. Banjur ana Yuyu Kangkang kang saguh nulungi, nanging Yuyu Kangkang njaluk diambung. Miturut carita Yuyu Kangkang kuwi utusané Panji Asmarabangun supaya nguji wong sing arep melu sayembara. Klething Abang lan sedulur-seduluré banjur gelem diambung supaya bisa liwat kali kuwi.
Ora let suwe, Klething kuning teka. Yuyu Kangkang banjur marani Klething kuning lan ngomong yen dheweké gelem nulungi Klething Kuning nanging syaraté dheweké njaluk diambung. Amarga Klething kuning isih setya marang bojoné dheweké ora gelem, nanging tetep njaluk ditulungi. Wis kaping pirang-pirang Klething Kuning njaluk tulung, nanging Yuyu Kangkang tetep ora gelem. Klething Kuning banjur nyabetaké teken sing digawa. Ajaib, banyu kali banjur surut. Weruh kadadeyan kuwi Yuyu Kangkang banjur wedi, dheweké banjur gelem ngeteraké Klething Kuning tekan omahé Nyai Randha Dhadhapan. Saktekané omahe Nyai Randha Dhadhapan, dheweké banjur ketemu sedulur-seduluré. Ora let suwe, sayembara diwiwiti, Klething abang, Biru, lan Ijo genténan mameraké ayuné marang sang Pangeran, nanging kateluné ditolak kabeh dening Pangeran.
Ora ngira Klething kuning sing elek dhewé dandanané malah diangkat dadi permaisuriné. Klething Kuning dipilih amarga lolos uji saka Yuyu Kangkang. Andhe-Andhe lumut banjur mbukak penyamarané yen sejatiné dheweke kuwi Panji Asmarabangun lan Klething kuwi sejatine Galuh Chandra Kirana bojoné. Kekaroné banjur bali menyang Kraton Jenggala.

sumber : http://ernayuliantisafitri.blogspot.com