Sabtu, 10 Januari 2015


BAB SAJEN
Kenging menapa wonten tata adat jawi, moten pisah kaliyan sajen. Kados dene tiyang kagungan damel mantu, damel Griya, badhe methik pantun (wiwit), wayangan, grebegan, memule tiyang tilar doya, lan sanes-sanesipun
Lajeng punapa kersanipun punapa lan werdinipun napa?
Manut ingkang kula tampi, saking para pini sepuh; bilih SAJEN, satunggaling srana kagem nyenyuwun wonten ngarsaning Pangeran. Nanging awit kabekta saking kapitadosanipun tiyang Jawi kaliyan ingkang ngreksa utawi tengga papan mriku, utawi kang mbaureksa papan mriku.
Pancen yen ngemuti gesang kula sedaya sejatosipun pancen wonten sesambetanipun antawisipun Kula, lan Alam sarta Allah. Tumusipun tiyang lajeng pados reka-reka utawi srana ingkang dipun wujudaken utawi dipun sebat SAJEN punika.
Mila gotheking tiyang kathah sajen satunggaling srana sesambetan kaliyan dzat Pangeran ingkang boten kasat netra. Dene tembungipun sanes kangge srana nyuwun tulung dumateng ingkang ngreksa papan mriku murih sami purun tumut rerencang, lan boten ngganggu damel.
Kenging punapa sajen-sajen punika kadamel maneka warni?
Saking pemanggih kula amargi tiyang dereng ngertos punapa ingkang dados keremanan ingkang dipun sajeni utawi njagi papan wau. Mila lajeng jangekepipun “tindhihipun” utawi “wajib” wujudipun arta, mila lajeng wonten kang sesaji tembungipun “ Yen ana kurange tukua ana pasar gedhe”
Mila saking punika SAJEN-SAJEN kadamel wonten sambetipun kaliyan kabetahan, Conto tiyang kagungan kersa mantu: wonten Sajen Tarub, sajen Siraman penganten, lan kados upacara adat sanesipun kados ingkang kula aturken ngajeng
Sambet kaliyan ingkang kula aturaken kados-kados sajen-sajen ingkang maneka warni, temtu mengku werdi. Lajeng punapa werdinipun sumangga samangke sami dipun padosi lan dipun onceki, werdinipun
Wujuding Sajen antawisipun :
a.Tumpeng, wijudipun kados gunung
b.Sekul / sega
c.Jenang,
d.Jajan Pasar
e.Dhaharan,
f.Tetuwuhan, Woh-wohan lan Ron-ronan
g.Ingon-ingon ( urip-urip )
1. Wujud Tumpeng lan werdinipun ;
1) Tumpeng Robyong: tumpeng ingkang rinengga: gudhangan, conto kancang panjang, wortel, kobis, So, bayem, bumbunipun anyep-anyepan, ugi lawuh kados; tempe goreng, ayam goring, iwak asin, pucuk ing tumpeng dipun sunduki sada tigan ayam kulitan, trasi, brambang, lan lombok abrit, Punika dipun racik wonten cething saking bambu, anggenipun nata acak-acakan. Margi saking anggenipun nata acak-acakan utawi boten kanten-kantenan, katingal pating besasik. Mengku werdinipun : satunggaling pemut bilih ing tembe gesang kula panjenengan boten waspada, badhe ketaman sak warnining reribet, kados pepindhan kurdaning gunung ingkang ngedalaken latu lan lahar ingkang lajeng damel sakiwa tenganipun mosak-masik, amargi katrajang lahar, Mila panataning gudangan lan lawuh boten kanten-kantenan, dene pucuk wonten trasi, lambing lendhut, tigan, lambang sela-sela, nanging yen tiang pinter pranyata punika dados wiji, bakalan ingkang mupangati, awit saged dados srana damel bangun lan sapiturutipun, Lombok abrit lambang latu yen gunung kurda tentu ngedalaken latu Nanging yen dipun pratitisaken gesang kula kedah murup. Liripun sampun ngantos kados reca tanpa ginua.
2).Tumpeng Gundhul: wujud polos pethak, dene lawuhipun goring-gorengan: peyek teri, peyek gereh ( iwak asin: pethek), peyek kancang peyek tholo.
Dene werdinipun: satunggaling lambang kagem pemut dumadinipun tiyang lahir ingkang polos, lugu, prasaja, inggih bab raos, lahir lan batin, ugi manah utawi pikiran tasih suci / sae.
3). Tumpeng Pungkur; ujudipun kados tumpeng rombyong, nanging dipun palih, dene panatanipun sami ungkur-ungkuran. Umumipun kagem sajen memule para-para ingkang sampun suwargi
4). Tumpeng Megono : lawuhipun wonten 7 warni, inggih punika: kangkung, kacang gleyong, mbayung, kobis, wortel, boncis, lan thokolan.
5). Tumpeng panca warna, lan taksih kathah malih sebatan tumpeng wao
2. Ketan Kolak, lan apem. Ingkang sampun nate sami kula rembag. Wonten kolak kencana, kadamel saking pisang emas
3 Jenang-jenangan; maneka warni kados antawisipun :
1) jenang pager ayu (jenang abang diubengi jenang putih)
2). jenang abang,
3) jenang putih
4) jenang abang diparingi pupuk jenang Putih,,
5) jenang baro-baro, (jenang abang nginggilipun dipyur-pyuri parutan klapa lan dipun sukani irisan gendis jawi)
6) jenang palang,
7) jenang separo abang-putih
3. Dhaharan Asrep-asrepan. klebet sekul, gudhangan sak bumbunipun , sambel gepeng (dele pethak dipun deplok lan gereh pethek), endhog godhog,
4. Kang wujud Sega antawisipun :
1) Sega Gurih utawi sega Wuduk, lawuhipun: sambel pecel, sambel pencok, timun, kemangi, krecek, ketan kolak
2) Sega Liwet, lawuhipun srundeng
3) Sega kebuli : uwos dipun masak kanthi bumbu gule, dipun paringi endhog godhog ingkang dipun goreng,.brambang utuh digoreng, lan jerohan ayam
4). Sega kuning:, lawuhipun endhog dadar, bregedel, abon, kacang goring, dhele cemeng
5) Sega Golong: sekul kadamel bunder, cacah 2
6) Sega Golong Lulut: sekul kadamel bunder nginggil dipun sukani utawi dipun tutup endhog dadar
5.Sanggan: ujudipun wonten: Pisang raja setangkep, dipun rengga lawe wenang (dipun ubengaken ing pisang wau), kinang (suruh, gambir, injet, sata) lan kembang talon (Kanthil, kenanga,Mlathi), abon-abon,
6. Jajan Pasar, ujudipun: maneka warni woh-wohan, nanas, sawo, jambu, pelem, jeruk lsp, pala kependhem, pala kesimpar, pisang raja, raja pulut, makanan tradisional, empluk dipun isi uwos lan tigan, jlupak kagem dilah.
7.Bucalan: kadamel wonten ancak; isinipun; irisan jenurk pecel, rujak, tumpeng alit-alit warni abrit, pethak, ijem, jene, cemeng, endhog mentah, srutu, kembang talon, arto receh (logam) jenang baro-baro, biji-bijian, gecok mentah ( daging mentah dipun sukani santen)
8.Sangga Buwana: sekul dipun tutupi intip mengkurep
Mekaten antawisipun sajen-sajen ingkang kula ngertosi, pramila kula sumanggakaken katur para sutresna, kersa paring panyaruwe, lan paring ambahan
Conto : SAJEN PASANG TARUB
2 ambengan sekul lulut ( sekul pulen)
2.ambengan sekul wuduk ( sekul gurih )
6 ambengan sekul asahan salawuhipun
jajan pasar sapepakipun,
jenang-jenangan
pisang ayu, lan suruh ayu
Ingkung ayam
IV.SAJEN SIRAMAN
1.Tumpeng Robyong
2.Tumpeng Gundhul
3.Jajan Pasar sak pepakipun
4.jenang-jenangan
5.pisang ayu, lan suruh ayu
6.Jenang-jenangan maneka warni
7.dilah,utawi sentir
8.Sekar Sritaman ( Mlathi, kenanga lan mawar )
9.urip-urip ( ayam jagoan )
V.SAJEN NGERIK MANTEN Sami sajen Siraman,
VI.MIDODARENI
1. sega gurih komplit lawuhipun: sambel pecel. Sambel pecok, krecek lan lalaban
2. ingkung ayam
3. sentir saking jlupak
sumber : http://suwardanijaya.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar