Senin, 29 Desember 2014

ASMARADANA
Poma-poma wekas mami,
Anak putu aja lena,
aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
marang pepaes donya,
siyang dalu dipunemut,
yen urip manggih hantaka.
 
Tembung wigati:
poma-poma: wanti-wanti
lena: ora ngati-ati
wekas: weling
hantaka: mati

sumber : rianjarpriyanta.wordpress.com

DHANDHANGGULA
Dhedhep tidhem prabawaning ratri,
Sasadara wus manjer kawuryan,
Tan kuciwa memanise,
Menggep srina teng dalu,
Siniwaka sanggyaning dasih ,
Aglar neng cakrawala,
Winulat ngelangut ,
Prandene paksa kebekan,
Saking kehing tarang gana kang sumiwi,
Warata tanpa sela .
 
Tembung wigati:
ratri : wengi
sasadara: rembulan
kawuryan: ketara

sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
A. SATRIYA

image


Putrane
Sesebutan
Kasatriyan
Garwa
Peputra
:
:
:
:
:
Raden Harjuna lan Dewi Wara Sumbadra
Angkawijaya, Jayamurcita
Plangkawati
Dewi Siti Sundari lan Dewi Utari
Raden Parikesit
imageRaden Antareja
Putrane
Sesebutan
Kasatriyan
Garwa
Peputra
:
:
:
:
:
Raden Werkudara lan Nagagini Randhuwatang/jangkarbumi
Dewi Ganggi
Danurwenda
image
Burisrawa
Putrane
Sesebutan
Kasatriyan
Garwa
Peputra
:
:
:
:
:
Prabu Salya lan Dewi Pujawati Cindhe Kembang
Dewi Kiswari
Arya Kiswara
raden-antasena
Antasena
Putrane
Sesebutan
Kasatriyan
Garwa
Peputra
:
:
:
:
:
Raden Werkudara lan Dewi Urang Ayu
burisrawa
Burisrawa
Putrane
Sesebutan
Kasatriyan
Garwa
Peputra
:
:
:
:
:
Prabu Salya lan Dewi Pujawati Cindhe Kembang
Dewi Kiswari
Arya Kiswara
dursasanaDursasana
Putrane
Sesebutan
Kasatriyan
Garwa
Peputra
:
:
:
:
:
Dhestarata lan Dewi Gendari Banjarjunut
Dewi Saltini
Dursala

gathutkacaRADEN GATHUTKACA
Raden Gathutkaca putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Sesebutane Bambang Tetuka, Kacanegara, Senaputra, Kacanegara, Bimasuta, Krincingwesi. Kondhang Satriya Otot nKawat Balung Wesi, Sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar. Garwane aran Dewi Pergiwa (Putrane Raden Harjuna). Peputra aran Sasikarana. Gathutkaca tandange cukat trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber walang. Duwe aji Narantaka paringane Resi Seta, duwe Kotang Antrakusuma dayane bisa abur tanpa elar, duwe Caping Basunanda yen panas ora kepanasan yen udan ora kodanan.
HARJUNA
RADEN HARJUNA
Raden Harjuna putrane Prabu Pandhudewanata (Ngatina) karo Dewi Kunthi. Tata lair Raden Harjuna Putrane Pandhu, nanging sejatine titisane Bathara Indra. Sesebutane liya Janaka, Permadi, Dananjaya, Palguna, Indratanaya, Jahnawi, Kumbang Ali-ali. Janaka duwe watak grapyak, sareh, seneng tetulung. Kasatriyane Madukara. Piandele Keris Pulanggeni, Panah Pasopati, Panah Sarotama, Keris Kalanadhah. Aji-ajine panglimunan bisa meruhi alam kajiman, Seipi Angin bisa lumayu kaya angin. Raden Harjuna rupane bagus, kondhang lelananging jagad. Garwane Harjuna akeh yaiku Wara Sumbadra, Srikandhi, Larasati, Dewi Dersanala, Dewi Supraba.

sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
PUSTAKA

pustaka ……
sapa wae bisa nusu
nacep kabeh  kabecikan
pancen becik bebudenmu
dadi sumbering kabeh ngelmu

pustaka …..
sliramu pancen bisu
nanging kurunganing kabeh ngelmu
sliramu bisa daktakoni
pituduhmu gawe lempenge pakarti
kanggo pepadhanging ati

o …. pustaka
panuntunmu
mikolehi aku
pituturmu
gawe endah uripku
aku bisa golek ngelmu
amarga sliramu
Dening : Riska PPS

sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
LINTANG PANGURIPAN

cahyamu madhangi atiku
tresnamu ora bakal luntur dening wektu
saben wektu bisa gawe guyu
siyang dalu bisa dadi pancer uripku
lintang panguripan ……
sliramu tansah siyaga ing saben wayah
ngedhemake atih kang lagi nandhang susah
bungah susah tansah bisa nggugah ati kang pasrah
aku ora bakal lali
aku ora bakal cidra  janji
marang tulusing budi
tansah eling sih  pangarasmu
tresnamu marang aku
aku ora bakal lali
lintang panguripanku
Ibu ……………………….
Dening : Ira Andani A

sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
JANGKAH LAN JANGKA
Tanpa  karasa wus separo jumangkah
rasa kang rinasa karasa sakedhep netra
impen kang karacik tharik-tharik  samar-samar ngedoh
akeh kang durung kacipta nyata
nanging manungsa amung bisa mbudidaya
jantraning urip wus kapurba kang Kuwasa
antebing dhadha durung  bisa dadi panyangga
restu lan puji syukur kang aweh panyangga
pacen durung akeh kang katindakake ing separo jangkah kang lelet
rumpakan wiwit katulis sanajan lamat-lamat
isih ana kekuwatan kanggo ngrampungake niat
ya sanajan kanthi tekad kang kebak mangu-mangu
ananging tetep madhep manteb jangkah iki
nyipta karya  kang kebak makna lan guna
tumrap sapepadhaning urip
amung sanajan sakuku ireng kang  bisa kajurung

sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
ANGKA JAWA
Angka jawa terdiri dari 0 – 9:
angka jawa1
Angka jawa dan aksara jawa ada yang sama. Untuk membedakan angka jawa dan aksara jawa dalam menulis kalimat dengan menggunakan pada pangkat:
  angka 3
Contoh untuk menulis kalimat:
padapangkat
sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
PASANGAN AKSARA JAWA
Bentuk pasangan aksara jawa:
pasang1pasang2pasang3npasang4
KETERANGAN:
1. Pasangan aksara yang ditulis sejajar dengan aksara jawa ada 3:
KET2
2. Pasangan aksara yang ditulis sejajar dan dibawah aksara jawa hanya ada satu:
KET3
 sumber : http://trianjarpriyanta.wordpress.com
SANDHANGAN PANYIGEG
1. Sandhangan panygeg “r”
hra
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
prawan
2. Sandhangan panyigeg “re”
Untuk bunyi seperti pada kata “trenggiling”
TRE
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
wredha
3. Sandhangan panyigeg “y”
hya
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
tya1
4. Sandhangan panyigeg “w”
SWA
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
dwara
5. Sandhangan panyigeg “L”
HLA
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
playon
sumber :http://trianjarpriyanta.wordpress.com/
BUNYI VOKAL AKSARA JAWA
HURUF (AKSARA) JAWA
SANDHANGAN (BUNYI VOKAL A ) AKSARA JAWA
image
Contoh untuk menulis kata (tembung):
ba
SANDHANGAN (BUNYI VOKAL I/WULU ) AKSARA JAWA
image
Contoh untuk menulis kata (tembung):
wanni
SANDHANGAN (BUNYI VOKAL E /TALING) AKSARA JAWA
Contohnya  untuk bunyi  pada kata: “kate, elok”
image
Contoh untuk menulis kata (tembung):
be

SANDHANGAN (BUNYI VOKAL e /PEPET) AKSARA JAWA
Contohnya untuk bunyi  pada kata: “bendera, segala”
image
Contoh untuk menulis kata (tembung):
wedi
Penting !!!!!
ralat
SANDHANGAN (BUNYI VOKAL U /SUKU) AKSARA JAWA
hunu
Contoh untuk menulis kata (tembung):
bunyiu
SANDHANGAN (BUNYI VOKAL O /TALING TARUNG) AKSARA JAWA
honoco
Contoh untuk menulis kata (tembung):
rodha
sumber :http://trianjarpriyanta.wordpress.com